Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/192

Kaca iki wis divalidasi

arep nglakokake praune. Rumangsa kalang-kalangan. Ukara kaya mengkono, kanggone wong pesisir, kaya angin wae. Ora ana sing dadi ati. Tembung sakecap rong kecap, sajinise wis dadi celathon saben dinane. Iku wis dadi budaya. Budayane wong pesisir. Kasar lan atos kanggone kuping sing ora kulina.

Darman, ing Desa Kembang klebu anak mantu. Sangkane saka Desa Jungwatu. Kepara pereng wetan saka Desa Kembang. Keri-keri iki, isa diarani meh saben dina. Dheweke nyandharake praune ing Legon Kembang. Merga isih ana prelu sing wigati. Ora maido nek saben dinane riwa-riwi. Jungwatu–Kembang. Numpak prau.

Dina iku Darman ora mangkat nglaut. Bapak maratuwane kepingin kepethuk. Ana bab wadi sing arep diomongake.

“Kowe ijek nduwe hape, ra?” tembunge Bapak maratuwane, ngawiti rembug.

Sing ditakoni bingung. Kok bab hape sing ditakokake? Jare ana rembug sing wigati? Nganti kepati-pati, angger nelayan dipeseni.

“Nggih, Yi. Tasih!”

Mbeke wis dadi bapak maratuwa, Darman isih ngundang yi. Merga sadurunge entuk anak mbarepe, dheweke klebu santrine. Iku sing diarani, wis kadhung ing lambe. Angel owah-owahane.

Saka iku uga, maratuwane nek kongkonan Darman, ora ewuh pakewuh. Malah kepara luwih gampang. Tinimbang kongkonan anake dhewe. Ana wae alasane. Sing ika tah sing iki. Kadhangkala Darman dhewe krasa risi. Kuwatir nek anak-anak liyane meri. Sithik-sithik angger ana bab sing wadi, mengko dhisik ngenteni Darman. Klebu rembugan bab arep dodolan lemah sawah.

Kosokbaline, bapak maratuwa manute, ya karo anak mantu mbarep. Anak-anake dhewe, klebu bojone Darman, padha pasrah bongkokan nek ngepasi Bapak metu kodone.

Nalika Rembulan Bunder | 181