Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/193

Kaca iki wis divalidasi

“Pasrahna mbarepe ae!” Mengkono kurangluwih ukara sing asring kumecap. Nganti ing kulawarga, Darman sinebut kaya iku. Mbarepe. Nalika Maratuwane nandhang lara, karepe anak-anake, bapake dipriksakake ing puskesmas. Prekara arep priksa wae angele ora jamak. Ika lan iki alasane. “Ngko rak mari-mari dhewe. Lara iku teka-teka dhewe, lunga-lunga dhewe!”

Saomah tau gegeran, prekara bojone Darman, arep nglairake anak mbarep. Nalika iku Darman ijek nglaut. Malah kabare lagek ngaso-ngaso ing Karimunjawa. Maratuwane ora ngolehi digawa menyang rumah sakit sadurunge Darman teka. Tahmangka bojone wis sambat, kelaran. Nek dituruti, bisa-bisa nganti kebrojolan ing omah. Untunge nalika iku wis ana hape. Darman bisa ngereh-ereh maratuwane, lantaran tilpun-tilpunan. Ora isa dibayangna, nek kedadean kaya ngono iku klakon ing jaman semana.

Darman ijek durung mudheng, ana apa kok nganti yayine keraya-raya, saben irung dipeseni. “Adhik-adhik ya ponakan-ponakanmu kabari, kon balik... ngumpul kabeh ....”

Krungu tembung kaya mengkono, atine Darman mak tratab. Biyasane ukara kaya mengkono iku, dipocapake pawongan sing arep .... Durung nganti rampung anggone Darman mikir, wis kesusulan tembung bacute.

“Nek isa diselakna. Nek sing lagek kebak gawean, nyusul ya gak apa-apa!”

“Nggih, Yi.”

“Gak sah mikir apa-apa. Aku kangen mangan bareng-bareng.”

Sajake yayine ngerti apa sing lagi dipikirake santri lawase. Ya santri kinasih, nganti diwenehi bebungah, mbojo anak mbarepe. Nalika krungu tembung sing kapisan, mbokmenawa praupane Darman ketok nek rada kaget. Banjur diterusake ukarane, sing rada wicaksana. Darman wis ketok ndengengek linggihe. Nanging ijek ketok durung plong. Mula tembung sing keri-keri, sisan dipocapake.

182 | Antologi Cerkak