Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/194

Kaca iki wis divalidasi

“Gak sah mikir apa-apa.”

Tetep Darman sumelang. Nanging tetep kudu dikabarake marang dulur-dulur liyane, Rampung entuk dhawuh yayine, Darman banjur rogoh-rogoh hapene ing tas. Banjur driji tangane dulit-dulit, nunyuki kipet hape. Ancen kudu sakdheg-saknyet. Uga kudu ketok ing ngarepe yayine. Iku salah siji cara, aten-aten maratuwane. Bab sepele ngono iku, ora patia dingerteni anak- anake dhewe.

Darman ijek mikir-mikir. Ukara apa sing ditulis, ben dulur-dulure ora kaget kaya sing dialami awake dhewe. Nanging mek kesuwen, yayine mesthi sujana. Jebul ya ora gampang nata ukara. Nanging Darman ora santri wingi sore. Ngulur wektu nggo mikir, ben ora konangan. Tangane ngranggeh tas maneh. Ngetokake rokok.

“Yi, ngrokok riyin.”

Ora kesuwen, rokok kretek gawean Kudus,wis ndlesep ing lambene wong sakloron.

Mbah Tempur. Wong sadesa Kembang, maneka crita kenapa karanan Mbah Tempur. Ana sing ngarani, kyai sing duwe prebawa ing Desa Kembang iku, cikal bakale saka Desa Tempur. Kepara arah mengidul, munggah meh nganti Gunung Muria. Nanging ora sithik sing crita, nek Mbah Tempur iku biyen jaman enome melu perang ngusir Walanda. Nalika jaman arep mardika, Mbah Tempur nylametake warga, digawa iing alas Muria. Ing pangungsen warga diajari ngaji.

Cilike Suwira dititipake wong tuwane, marang simbahe ing Gresik. Ing kono cedhak karo pondhok. Ngiras-ngirus mondhok, ben pinter ngaji. Mengkone kareben ngajari ngaji ing desane. Durung nganti rampung anggone mondhok, dikon balik nyang Jepara karo wong tuwane, Nalika iku umure ijek las-lasan

taun. Wong tuwane kuwatir, merga ing ngendi-endi panggonan, Walanda ngosak-ngasik pondhokan. Merga dinggo ndhelik utawadadimarkase para pejuwang.

Nalika Rembulan Bunder 183