Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/195

Kaca iki wis divalidasi

Nanging ya tetep wae. Ing ndesa Suwira enom, ora tau ing ngomah. Nyawiji karo kanca sapantaran, melu-melu berjuwang merangi Walanda. Dheweke kadhapuk ngurusi mangan, ngrangkep nylametake para warga. Saka iku nalika wis mardika, Suwira karo warga Tempur nggawe langgar. Paribasane kriwikan dadi grojogan. Pungkase dheweke nggawe pondhokan. Sekirane dirasa wis aman, warga sing ngungsi kuwi mau padha bali.

Akeh-akehe sing diungsekake Suwira warga saka Desa Kembang. Ora maido nalika jaman kamardikan ana geger PKI, dheweke dijaluk medhun gunung. Rewang-rewang nata kahanan, ben ora dadi kerah, antarane sedulur karo sedulur. Iku urusane politik, negara. Gak sah melu-melu, anut grubyug ra ngreti rembug. Suwira umure saiki kurang luwih wolung puluh sanganan. Nanging dedeg piyadege ijek ketok pidegsa. Gagah uga bergas. Larah-larahe karanan Mbah Tempur pancen dawa banget. Kenapa ora diundang Mbah Suwira, utawa Mbah Wira wae?

“Sampun, Yi,” pocape Darman nalika wis ngabari dulur lan ponakane.

“Ya, aku wis krungu dhewe. Hapemu muni kluntang-Klunting. Ning aja lunga sik, wangsulane piye? Padha isa apa ora?”

“Anak putune njenengan kathah sing padha kerja, Biyasane sore-sorenan nembe kober mangsuli. Rak nggih ngoten tah, Yi? Mangke bar-bar Isak kula sanjangi, pripun?”

“Iki mau rung digawekna kopi bojomu, tah?”

Dina titiwanci sing ditemtokake, Ngiras-ngirus mengeti Rejeban. Dina Isra Miraj nganakake pengajian. Ngundang kyai saka Meteseh Semarang, Sing duwe tarian sufi. Sabenere kyaine meh ora gelem. Mergane wis ana kyai sepuh. Mengko mundhak dadi guyu. Ibarate kaya nguyahi segara. Bareng wis dijlentrehake karepe, lagek dhong banjur manut wae.

184 Antologi Cerkak