Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/196

Kaca iki wis divalidasi

“Kula ndherek njenengan mawon, Prekawis sing nari sufi, saged saakeh-akehe, Merga sampun wonten santri-santri saking Jepara sing sampun lanyah nari sufi.”

Darman akale mlaku. Najan nelayan, nanging saora-orane tau ngangsu kawruh ing pondhok. Cara mikire pancen beda. Tari sufi lagek rame-ramene, digunem wong saidhenge Nuswantara, Ben supaya dulur-dulure kepencut, nyelakake teka utawa balik. Duwe cara gawe pengajian, banjur nekakake tari sufi. Nek sekirane iku ana ing plataran omahe wong tuwane, utawa simbahe, ora wurunga duwe rasa bombong.

“Iki ora karepku,” pocape Mbah Tempur nalika anak putune padha ngumpul.

Keprungu tembung mengkono, Darman sing linggih ing kiwane ora kaget, ora njumbul. Apal banget kalakuane yayine.

“Nanging, mumpung padha nglumpuk, aku arep ngomong.”

Darman mak tratab, Persis sing dialami pirang dina kepungkur. Nalika yayine kongkonan dheweke, ngabari sanakkadange kumpul. Sanalika Darman ndhiluk, Nganti-nganti awake mlengkung, kaya pari sing kebak isi.

Kawitane Mbah Tempur mbabar, bab mangan ra mangan mek kumpul. Mrembet-mrembet nganti tekan maknane sedulur,

“Dulur iku nek cedhak mambu tai, nek adoh mambu wangi.”

'Anggone mbabar tumekane crita bab dulur, tai, lan wangi, dawa banget. Nganti putune sing cilik-cilik padha keturon ing pangkone wong tuwane. Klebu sing tuwa, sawetara ana sing wis dlosoran, Beda karo Darman. Sing kawit mau ngenteni tembung. Tembung sing gawe sumelange pikire dhewe.

Desa Kelet. Kepara mengetan saka Desa Kembang, Ing desa iku, ana sawijine rumah sakit, mligine kanggo wong lelara lepra. Iku wis ana kawit jaman Walanda. Mbah Tempur ora crita larah-larahe, kenapa ing Jepara rumah sakit iku diadegake, Nanging

Nalika Rembulan Bunder 185