Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/197

Kaca iki wis divalidasi

luwih negesake, nalika jaman sadurunge dheweke lair. Simbah buyute nate crita, yen ing ndonya lagek ana pageblug. Akeh wong padha kena lelara. Esuk lara sore mati. Sore lara esuk mati. Salah sijine arupa lelara lepra.

Ing Desa Taunan nganti seprene isih dipengeti. Saben sasi Besar, wargane padha nguri-uri tradhisi. Arupa obor-oboran utawa perang obor. Iku ngemu karep, tandha tulak balak. Ngusir utawa nyingkirake lelara. Kang aran pageblug mau. Nalika jaman semana, meh angger desa nek usum pageblug, tulak balake ya padha obong-obong. Ngubengi desa saben bengine. Bocah cilik saben surup wis dikon mlebuomah. Mbengine ora ana sing entuk metu omah. Kejaba sing rondha, lan sing melu obor-obor mubeng desa.

Mbah Tempur kaya wis krasa. Nalika anak putune padha kumpul, ndilalah ngepasi pamarintah wara-wara bab lelara. Sekolah diliburake. Kabeh pahargyan diandhegake. Ora entuk kumpul-kumpul.

“Ya iki karepe, kenapa padha dikumpulake,” pocape Mbah Tempur, “Mbok menawa iki sing diarani pageblug,” tembung bacute.

Darman sing kawit mau ndhingkluk, saiki wis ngawiti ndengengek. Tangan tengene klebat, nyaut cangkir kopi sing ana ngarepe.

Semono uga dulur-dulur liyane uga ponakan sing wis padha gedhe, Sing sadurunge padha dlosoran, sanalika padha njenggirat. Tangi. Ndeleng kahanan kaya mengkono, Mbah Tempur malah ngandheg crita. Melu-melu Darman, nyaut wedang kopi. Banjur tangane rang geh-ranggeh, nggagapi wungkus rokok. Kaya-kaya iku aba. Sabacute, anak putune padha melu-melu. Wus, sanalika ruwangan mulek, kebak keluke rokok.

“Sakirane sing ora nduwe gawean tetep, gak sah balik. Nek kene ae. Kejaba sing ijek nduwe tanggungan gawean. Nanging ndang dirampungna urusane, terus balik. Nek kene mangan ya

186 Antologi Cerkek