Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/198

Kaca iki wis divalidasi

saanane, Nandur-nandur apa ae sing isa dipangan, Nek butoh lawoh, kana karo Darman apa melu kancane, Labuh ing segara, Yaiku mau karepe, mangan ra mangan nek padha kumpul. Dadi gak ana sing sumelang siji lan sijine.”

Rampung Mbah Tempur mocap mengkono, anak putune ndomblong. Thingak-thinguk padha sawang-sawangan, siji lan sijine.

Beda karo Darman. Sing rada lumayan bisa njajagi pikire yayine. Iki wis cetha. Dhawuh, Ora sanepa maneh, Garek sing diomongi. Mudheng lan nggugu sing dikarepake apa ora. Durung rampung anak-putune anggonebingung, Mbah Tempur mungkasi atur.

“Yawis iku sing jane arep tak-omongna. Wasalamungalaikum.”

Sanalika swara grememeng kaya tawon pindhahan ngebaki senthong.

Ora kaya adat sabene, Mbokmenawa padha keselen, mbengi iku ora ana sing padha jagongan. Lek-lekan, alam-alaman, Omah Kong ora patiya gedhe, ya cukup dinggo turu anak-putu. Ora ketang pating mblangsah, ndlosor ing gelaran klasa. Darman dhewe ya klepat. Ora ketok irunge. Jare bojone, iku mau pamit, lunga miyang nyang segara. Mak Darman prengat-prengut wae. Omah akeh tamu, kok malah ditinggal minggat?

Rampung subuhan, pawon malih dadi rame. Mbok-mbok dalah putu-putu wedok padha umyek dhewe-dhewe. Ana sing adang, nggawe wedang, olah-olah, nggoreng lawuh. Ana sawetara malah bakar-bakaran iwak.

“Iwake thik sueger-sueger, ndhek apan tukune?”

“Ndhek bengi bar kumpulan, Dhe Darman klepat ngilang. Jebul mangkat miyang, nggolekna lawuh adhi lan ponakan-ponakane.”

Esoke gentenan, Bar sarapan bareng-bareng, sing paling tuwa, ya Mbah Tempur, ngilang. Sabenere ana bab sing arep

Nalika Rembulan Bunder 187