Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/199

Kaca iki wis divalidasi

ditakokake anak-putune, Karepe padha ngenteni bar sarapan. Nanging sing dienteni ora ngerti karepe. Ora maido, Darman sing pernahe paling tuwa lan paling mudheng sraten-sratenane yayine, dadi papan jujugan, Kanggone Darman dhewe ya ora patia kabotan.

“Cekake gunem, Yayi menggak kowe-kowe kabeh lunga saka omah. Kon nek omah ae!”

"Biayasane nek wong tuwa ngono, sanepane meh pamit arep lunga ya, Dhe?” pitakone salah siji ipene.

“Maune aku ya nduwe pikiran kaya ngono,” wangsulane Darman.

“Iya, Mbah Yayi kan ampuh. Sekti. Ngerti sadurunge winarah,” pocape salah sijine putune.

“Nek ngono, Mbah Yayi arep mati?” saute putu liyane.

“Hus! Ora ilok!”

“Lha crita-critane nek wong tuwa ngumpulna anak-putune, iku mertandhani ....”

“Wis, aja mbok terusna!” panyentake ibune.

Darman njlentrehake wantahan, apa sing dikarepake yayine, Nanging nalika ana pitakonan, kenapa kok ora entuk lunga? Dheweke mingkem wae. Bareng didhesek, Darman lagi mbeberake. Ora suwe maneh arep ana kaya pageblug. Sing ora adoh saka critane mau bengi. Angger irung ora entuk metu saka omah. Mengko tibane akeh wong padha mati.

“Iki ora ndhisiki kersa, Iho. Klebune pirasat lan petung. Lan iku mau kira-kiraku dhewe, nek ngudhari apa sing dingendikakna Yayi ndhek bengi.”

Durung ana sesasi. Kepetung saka padha dikumpulake Darman, nalika pengajian ngiras-ngirus mengeti Isra Miraj, Ndonya geger bab penyakit. Korona arane, Kang kasuwur Covid-19, Bedanejamansaiki, warta sumebar cepeteora karuwan. Kedadean saka manca, ora nganti sedina wis keprungu tekan ndesa. Kahanane ora beda karo sing dicritakake Kyai Tempur

188 Antologi Cerkak