Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/20

Kaca iki wis divalidasi

tamu putri mau. Sakala dhadhane kumesar, jantunge gemeter. Ilining getih kaya dicepetake tumplek ing mbun-mbunan. Rasa atine ora karuwan. Apa iki sing diarani lungiding tresna kang tumama ana ing pandangan pertama. Yen ketaman asmara, Prasojo ora pisan pindho ngrasakake. Nanging, karo priyayi putri iki rasane aneh, ora bisa digambarake.

Priyayi putri iku mendhakake pundhak karo manthuk pratandha atur pakurmatan marang Prasojo.

"Adhuh, eseme sepet madu pinastika," pikire Prasojo. Prasojo mesem dimemanis.

Dumadakan Pak Budi rawuh. Prasojo rada gugup. Pak Budi ngacarani rembugan. Jebul priyayi putri mau jenenge Nastiti. Dheweke dipindhah ana ing sekolah kono adhedhasar layang kekancingan saka Dhinas Pendhidhikan. Dadi guru kelas rendhah kanggo mbantu tenaga pendhidhik sing pancen kurang. Prasojo bungah banget amarga biasane mulang ngrangkep saiki wis ana penggantine. Apa maneh sajake Prasojo mambu ati karo Bu Nastiti. Meh saben wayah tansah ngajak diskusi masalah pamulangan.

"Bu Titi ora usah sungkan mbok menawa ana reribet ang gone mulang. Mbok menawa aku bisa mbantu Bu Titi nganti bocah-bocah bisa nguwasani kompetensi," ujare Prasojo nalika bubaran sekolah.

"Inggih, Pak. Matur nuwun dene Pak Pras kersa paring pambiyantu dhumateng kula."

"Mbok ora susah nganggo basa alus. Ngoko wae ben ora kaku anggone srawung. Sliramu karo aku rak ya padha sakprofesi dadi ora ana alane umpama nganggo basa ngoko wae."

"Mboten, Pak Pras. Anggen kula ngginakaken basa alus punika supados kula saged ngreksa pasrawungan satemah mboten sembrana, lan ugi Panjenengan lak priyantun ingkang langkung sepuh," wangsulane Nastiti.

Nalika Rembulan Bunder | 9