Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/200

Kaca iki wis divalidasi

rikala jaman semana. Garek anak-putu sing nggugu karo sing padha slenca. Nasibe mesthine beda.

“Napa niki sing diarani pageblug, Yi?” pitakone Darman sawijining sore ing emperan. Nalika lagi alam-alam karo yayine.

“Gak sah dirembug. Adhi lan ponakanmu sing ijek ing bara, piye?”

“Napa malih wangsul, Medal saking omah mawon, kathah tatanan.”

“Nek ngono, lebaran iki ngko, ya ora isa kaya ndhek ingi?”

“Dados niki mangke ngantos dangu, Yi?” sing ditakoni ora wangsulan. Panyawange adoh. Mbuh apa sing dipikirake. Sing cetha lebaran taun iki, omah kong katon sepi.

Lingsir bedhug Maghrib. Swara bocah-bocah takbiran keprungu sora saka genthora. Nanging dalan katon sepi. Kala sliwer pit motor siji. Kuwi wae sing liwat, panitiya adum jakat, Wis dadi adate, nalika ing malem pitulikur, Darman wis nglonloni sowaning yayine. Biyasane medhun saka sholat Id, sungkem yayine banjur sorene lagi bali ujung watu. Nanging taun iki beda karo adat sabene.

“Sesok gak sah ngetan sik. Ngenteni rong dina, telung dinameh!”

Darman mung manthuk, Ora wangsulan. Dheweke njajagi apa sing dirasakake yayine. Swara bocah-bocah takbiran wis suda. Mbokmenawa wis padha keselen. Kyai karo santrine ijek ngudarasa ing ruwang tengah.

“Kudune ora muk banter nek genthora. Ora tuwa ora enom, mubeng desa. Nggawa oncor obor-oboran. Ngiras-ngirus mangkis sengkala ....”

Semarang, 30 Mei 2020.

Nalika Rembulan Bunder 189