Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/201

Kaca iki wis divalidasi

Widyo Babahe Leksono, jeneng asline Widyo Leksono, lair ing Desa Potroyudan, Jepara, 19 Desember 1960. Bapake asma Soemardi (polisi), ibuke Karsini (guru SD). Sadurunge 1965 diboyong lan dititipna simbahe (Kasnawi lan Minah) ing Kecamatan Gabus, Pati. SD pindhah ing Desa Rogowangsan, Kota Pati. 1974 bapake pensiyun, pindhah ing Kecamatan Tlogowungu, Pati. 1978—1981 SMA ing Cepu. 1981 gak lulus, mlayu Jakarta. 1984 sekolah neh ing Kudus. 1985—1988 kuliah ing IKIP Semarang (saiki Unnes). Nganti saiki isih manggon ing Semarang.

Kawit taun 2015 wis ora mulang kanthi resmi (ing sekolahan). Andum ngilmu (mulange) krana ngisi gladhenan (workshop) ing kampus, instansi (pamarentah, swasta), kampung, nganti pedalaman (Kalimantan, 2011—2014). Gladhen babagan nulis crita, gawe pilem, gawe buku, organisasi, ndongeng, pidhato, lan liya-liyane. Taun 2015—2020 gaweane nggugah jiwa (motivator) para kadang sing klendran. Mligine bab lingkungan, sosial, budaya, lan tradhisi Nuswantara. Pangormatan: Sutradara Terbaik Festival Teater Pelajar Sekota Semarang, (1996); Guru Kreatip Nasional (City Bank Grup, 2005); Prasidatama Sastra Jawa (Balai Bahasa Provinsi Jawa Tengah, 2014); Juara Nasional Nggulawenthah Warga Belajar Keaksaraan, Jateng (2014).

Nulis buku tetep aja nganti lali. Buku sing wis diterbitake antarane Novel Anak, Dongeng Basa Jawa, Kumpulan Naskah Basa Jawa, Pembelajaran Teater, Sosiodrama, Geguritan, lan Novel Basa Jawa. Akeh-akehe diterbitake dhewe (indie). Kala-kala nulis esai ing koran. Saora-orane setaun nerbitake buku siji. Kuwi semboyane.

Alamat (1) Dusun Gebyog RT 3, RW 3, Kelurahan Patemon, Gunungpati, Semarang; (2) Jalan Sriwijaya 29, Komplek TBRS, Semarang. Posel: bahkotang@yahoo.co.id;bahkotang@gmail.com; nomor telepon: 081215881959.

190 | Antologi Cerkak