Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/202

Kaca iki wis divalidasi
Pasa Ing Paran Impian Nopitasari

Angen-angenmu kebak gegambaran endah. Wewayangan bojo lan anakmu tansah ngreridhu ati. Saiki awakmu mung bisa ndulu fotone bojo lan anakmu ana layar telepon pintermu.

“Entenana Bapak ya, Dhik. Mengko dakgawakke klambi koki pesenanmu. Kanggo Bune, aja kuwatir, sarung bathik sing apik kae bakal dadi duwekmu.” Drijimu nlusuri gambare anak lan bojomu. Ora bisa ngapusi yen awakmu lagi nandhang kangen kang tanpa upama.

“Awake dhewe kudu siyap-siyap kemungkinan sing paling elek, Guh,” kanca kerja ing sandhingmu mbuyarke awakmu saka alam pangangen-angen.

“Apa wis ora ana pangarep-arep tenanan iki, Har?” awakmu nyoba golek pangayem-ayem senajan kuwi mono pitakonan retoris, pitakonan kang ora prelu diwangsuli.

Kancamu aran Haryo iku amung bisa ambegan landhung. Awak­mu wis ora ngoyak kanthi menehi pitakonan maneh. Kaha­nan panggonan nyambut gawe kang sangsaya sepi wis bisa dadi wangsulan. Awakmu mung butuh panyengkuyung. Mbokmenawa isih ana dalan padhang kanggo perkara iki. Sajake awakmu wis jeleh krungu warta sing ora ana apike. Saben dina ing televisi lan internet mung martakake bab pageblug kang lagi ngantem sakupenge donya. Pageblug aran virus korona sing gawe geger negara ngendi bae. Ora preduli negara maju

utawa kere, agamis utawa sekuler, kabeh kuwalahan ngatasi

Nalika Rembulan Bunder | 191