Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/203

Kaca iki wis divalidasi

virus kang nggegirisi iki. Virus iki nulare cepet banget lan bisa nginfeksi sapa bae. Pamarentah mbudidaya supaya virus iki bisa disuda penyebarane, salah sijine kabeh kegiyatan sing ngumpulake wong akeh kudu dilarang. Akeh wong kangelan golek pangupajiwa amarga pageblug iki. Akeh perusahaan sing kepeksa nglereni pegawene. Ana sing digaji ana sing ora. Awak­ mu mesthi bae wis nggraita bab iki. Kerja ing hotel wis mesthi bakal kena dhampake. Sepine tamu mesthi bae nggawe sing nduwe hotel kudu nglereni pegawene. Arep digaji saka ngendi yen ora ana tamu sing teka?

“Awakmu meh kepriye, Guh, Puguh? Yen aku wis siyap-siyap kanggo mulih mumpung larangan mudik durung ketat, terminal lan bandara isih bukak. Sing penting bisa kumpul anak bojo senajan mung mangan sega uyah.”

“Apa awakmu ora wedi nggawa virus yen nekad bali?” awakmu coba nyaruwe panemune kancamu.

“Banjur arep mangan apa neng kene? Pamarentah ya ora aweh solusi yen awake dhewe tetep neng kene. Ora ana pagawean. Apa nekad dadi begal? Ah ora. Luwih becik aku bali,” Haryo nyauri ujarmu kanthi getem-getem ngempet rasa kang angel digambarake. Sedhih, mopo, kuwatir, nesu, dadi siji.

“Ya wis sing penting awakmu kudu gelem dikarantina yen wis tekan ndesa,” awakmu mungkasi rembug. Meneng jinem. Awakmu sakloron bali nggagas angenangene dhewe. Nggagas kahanan kang tanpa pepesthen.

***

Apa kang dikuwatirake Haryo dadi kasunyatan. Kanthi ati kang abot pimpinan hotel kudu nglereni kabeh pegawene. Hotel kapeksa tutup amarga nandhang rugi. Anggone nglereni pegawene uga tanpa gaji. Senajan awakmu wis ngerti iki bakal kedadean ora suwe saka pangirane Haryo, nanging atimu panggah karujit-rujit. Wewayangan anak bojomu lan klambi

koki sarta sarung bathik tansah ngawe-awe. Awakmu nggetuni

192 | Antologi Cerkak