Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/204

Kaca iki wis divalidasi

nasibmu. Ya ngapa wong mung nukokke klambi lan sarung kok nganti ora klakon. Kamangka saben taun gajimu luwih saka turah yen mung kanggo nyandhangi kulawargamu kanthi apik. Ing kahanan biyasa, bab kasebut ora dadi gorehing ati. Nanging ing kahanan prihatin kaya ngene bisa mangan sedina pisan wae wis kudu disukuri.

“Sesuk aku bali, Har. Mumpung dhuwit isa cukup kanggo bali. Awakmu yakin ora arep melu?” Haryo kanca sinarawedimu iku nyoba nawani pambiyantu.

“Sik, Har. Aku isih mamang,” wangsulanmu marang mitra­ mu. Awakmu durung bisa menehi keputusan.

Nganti dina rombongane Haryo bali awakmu durung bisa menehi keputusan, ateges bab kuwi uga dianggep keputusan dening Haryo yen awakmu ora melu bali. Sadurunge bali, Haryo wis sempet nawani awakmu maneh, mbokmenawa isih ana owah-owahan anggonmu mikir. Nanging awakmu ora man­thuk uga ora gedheg. Haryo mung bisa pamit lan andum donga supaya tetep slamet kabeh. Awakmu mung bisa nyawang blegere ngilang saka pandulumu.

Saka televisi tangga kontrakan keprungu giyaran iklan sirup Marjan. Yen wis ana iklan-iklan sirup kaya ngene tegese ora suwe maneh sasi Pasa bakal teka. Ora kliru, amarga saiki pancen lagi ngarepake pasa. Telung dina maneh pasa lan rasane iki dadi pasa ing paran kanthi swasana kang beda tumrap awakmu. Iklan-iklan sing digiyarake uga diselarasake karo kahanan. Saka operator seluler, biskuit, nganti apa wae padha nyeselake pesen supaya tetep ana omah bae kareben slamet. Kabeh padha nawakake layanan sing nyengkuyung pesen kasebut. Mripatmu mbrebes mili krungu iklan kuwi banjur ndudul nomere bojomu. Ora let suwe video call saka awakmu ditampa dening bojomu kang lagi mangsak, ora adoh saka kono ana anakmu lagi dolanan pasaran.

“Masak apa, Bu?” takonmu nalika bojomu nuduhke wajan kang mongah-mongah.

Nalika Rembulan Bunder | 193