Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/205

Kaca iki wis divalidasi

“Mbah Yono ki mau mrene ngeteri keyong saka sawah, Pak. Tak mangsak oseng lombok ijo. Karemanmu, Pak. Ah coba sampeyan neng kene.”

Yen ora ngelingi yen kuwi video call, ateges bojomu bisa nyawang raimu, mesthi awakmu wis mbrebes mili. Kanggo nylamurke kahanan awakmu njaluk supaya dicelukke Tisa, anakmu.

“Bapaaak, adhik mangsak tempe goreng hlo iki,” saute anakmu sambi nuduhake busa sing dikethok-kethok lan diarani tempe.

“Enak ora kuwi, Ndhuk?”

“Ha Bapak gak rene kok, ora isa ngincipi ta,” sepisan maneh omongane anakmu nggawe atimu kerujit-rujit.

“Sabar ya, Ndhuk, mengko yen viruse wis ilang, Bapak mesthi bali.”

“Viruse iki kok nakal ya, Pak? Adhik kan pengin nganggo klambi koki oleh-oleh saka Bapak.”

“Ndonga wae ya, Ndhuk, moga viruse ndang ilang, Bapak janji bakal nggawakke klambi koki sing apik kaya masterchef.”

“Hore!”

Anakmu banjur playon saking senenge. Telepon dicandhak maneh dening bojomu lan ora suwe sapajagong iku dipungkasi amarga bojomu arep ngrampungi mangsak. Awakmu sakloron amung bisa andum slamet.

Ndulu kahanan anak bojomu, ora mentala nggonmu kandha yen awakmu mentas bae di-PHK. Ilatmu kaku, atimu ora tekan.

***

Swara tarhim ngalu-alu saka pengeras masjid. Slawat kang biyasa dilantunke yen ngarepake Maghrib lan Subuh iku banget ndudut atimu. Sasi pasa kang padatane gawe atimu bungah, taun iki klakon nggawe ati nggrantes. Ora ana rasa gumregah age-age mara masjid, buka bareng, traweh jamaah, golek saur

194 | Antologi Cerkak