Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/206

Kaca iki wis divalidasi

ana ndalan. Pamarentah nglarang salat jamaah ana masjid, buka bareng ana ngendi wae uga ora oleh. Pasa ing paran taun iki pancen beda kaya pasa-pasa ing taun kepungkur. Rasane sepa.

Awakmu ora ana semangat kanggo buka. Amung ngombe banyu putih mung kanggo mbatalake pasa. Saliyane iku, ora ana cekelan gawean nggawe tabunganmu sangsaya tipis. Awakmu wis mbudidaya golek gawean apa wae nanging sajake kabeh kaya sekongkol kanggo nguciwakake atimu. Kabeh ngomong susah. Nguripi awake dhewe wae kangelan apa maneh kok menehi gawean liyan.

Anggone awakmu nggagas angen-angen nganti ora krasa wis keprungu adan Isya’. Ing layar telepon pintermu akeh mitra kaca maya sing ngrembug bab traweh ing ngomah. Akeh guyonan utamane kanggo bapak-bapak sing biyasane mung dadi makmum traweh ing masjid saiki kepeksa dadi imam. Sing apalan surate lumayan ora dadi masalah, nanging sing isane mung Qulhu bakalan dadi gojlogane wong akeh, utamane ibu-ibu. Awakmu melu ngguyu maca tulisan-tulisan kaya ngono. Nanging ora suwe guyumu dadi tangis kang ora keprungu, kang metune saka njero atimu.

“Coba awake dhewe bisa kumpul, Ndhuk, Bune, Bapak iki lumayan apal surat-surat sing variatif, ora mung Qulhu lan Inna a’thoina. Pengin rasane saiki awake dhewe jamaah. Aku imame, awakmu sakloron makmume. Ndahneya tentreme.”

Awakmu tangi saka peturon banjur wudu lan salat kanthi ijen. Ora kurang anggonmu nenuwun marang Gusti supaya dituduhake dalan padhang.

Mbarengi salam pungkasan salat witir, keprungu lawang kontrakanmu didhodhog lan ana kang uluk salam. Age-age mbok­lempit sajadahmu. Sarung lan kethu isih mboknggo nalika mbukakake lawang kanggo tamumu. Sawijining priya kang saumuran bapakmu ngadeg ing ngarep lawang. Awakmu

nyumanggakake mlebu ngomah.

Nalika Rembulan Bunder | 195