Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/207

Kaca iki wis divalidasi

“Wonten kawigatosan menapa nggih, Pak?” awakmu miwiti rembug.

Priya ing ngarepmu ora age-age menehi wangsulan. Ketara banget angel anggone ngronce ukara.

“Ngaten, Mas Puguh. Nuwun sewu mbokmenawi dados boten remene penggalih panjenengan ....”

Priya iku njlentrehke karepe mertamu bengi iku. Priya iku mono pawongan sing nduweni kontrakan sing mbokenggoni. Dheweke nyritakake kahanan sing lagi dialami ing kulawargane. Kulawargane uga ora luput saka dhampak korona. Kulawarga anake bapak iku uga kena PHK. Kabeh pilih bali ing ngomah amarga wis ora duwe pangarep-arep maneh yen tetep bara ana pulo sebrang. Amarga yen bali mrono kudu wajib karantina, omah kontrakan sing mbokpanggoni iku arep dienggo dhewe. Tegese awakmu kudu age-age oncat saka kono.

“Sepindhah malih ngapunten nggih, Mas. Kula sakjane nggih awrat sanget nanging kula mboten gadhah pilihan sanes.” Awakmu unjal ambegan landhung. Dhuh Gusti, apa ora cukup anggone Panjenengan ngajak guyon? Ngono pikirmu lan age-age mboktampik kanthi istighfar.

“Nggih, Pak. Kirang pinten dinten anggene mriki? Kersane kula siyap-siyap,” awakmu nyoba mangsuli kanthi tatag najan ing njero ati ajur mumur.

“Udakara seminggu malih, Mas.”

“Nggih, Pak. Kula usahakke saderenge putrane panjenengan dugi, kula mpun pindhah saking mriki.”

“Matur nuwun, Mas. Sepindhah malih niki boten ateges kula nundhung panjenengan nggih. Estu boten. Kula kepeksa.”

“Nggih, Pak. Boten menapa, kula paham kok.”

Priya iku njaluk pamit mulih. Awakmu nutup lawang kanthi ati kang semplah. Kaya-kaya pangarep-arep marang uripmu uga wis ketutup kabeh.

***

196 | Antologi Cerkak