Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/208

Kaca iki wis divalidasi

Awakmu nggetuni keputusanmu sing ora melu Haryo mulih wingi-wingi sadurunge aturan mudhik durung ketat. Karepe awakmu mung pengin nuruti anjuran pamarentah kanggo medhot rante penyebaran virus. Minangka warga negara sing apik awakmu mung pengin manut. Nanging saiki awakmu mamang. Nalika awakmu nandhang susah kaya-kaya negara ora teka menehi solusi. Yen tetep manggon ana kene genah ora isa golek kos-kosan maneh. Dhuwitmu ora cukup kanggo nyewa kamar najan sing paling cilik lan murah. Pilihan siji-sijine yaiku kudu bali embuh piye mengkone neng ndesa pikir keri.

Yen numpak angkutan umum genah ora isa, saka warta sing mbokwaca ana internet lan mbokdelok ana televisi kabeh bandara, terminal lan stasiyun wis ditutup. Pawongan sing wis bacut tuku tiket, kabeh dibalekake dening maskapai penerbangan utawa perusahaan angkutan umum kasebut. Sing nekad bali nganggo mobil pribadi isih kudu ngliwati check point utawa palang pamariksan. Yen konangan yen kuwi rombongan mudhik, bakal dikon muter balik dening petugas kepolisian.

Rong dina sadurunge awakmu metu saka kontrakan, awakmu durung nemokake cara sing aman kanggo mulih. Wektu iku awakmu lagi andhok mangan awan ing sawijing warung pinggir dalan. Ing warung iku ana sawetara supir ojek online sing sambat sepine pametune amarga susute pelanggan. Antarane sambat lan misuhi pamarentah nglumpuk dadi siji.

Ujug-ujug awakmu kaya entuk wangsit. Kepriye yen mulih ngomah kanthi motoran bae? Ethok-ethok dadi supir ojek online kang lagi nggawa pesenan panganan. Yen ngliwati palang pamariksan ngomong wae yen lagi ngeterke pesenan. Mengko panganane isa dipangan nalika leren. Banjur tuku panganan maneh, ngono sateruse nganti tekan ngomah. Awakmu kelingan kancamu tau nitip jaket lan helm sragam ojek lan lali ora dijupuk. Masalah aplikasi mengko kena direka-reka. Pinter-pintere mblithuki petugas bae. Mathuk.

Nalika Rembulan Bunder | 197