Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/209

Kaca iki wis divalidasi

Dina pungkasan manggon ana kontrakan, awakmu wis ngringkesi barang-barang saperlune. Nalika pamitan karo bapak sing duwe kontrakan, awakmu ora ditarik sewa kontrakan malah kepara disangoni sithik. Awakmu pekewuh amarga ngerti sejatine sing duwe kontrakan uga ana ing kahanan susah. Nanging amarga dipeksa, awakmu ora bisa nampik. Awak­ mu mung bisa ngaturake panuwun lan pangapura sing akeh. Wusana dhuwit kasebut bisa mboknggo tuku klambi koki kanggo anakmu lan sarung bathik kanggo bojomu.

Ora dinyana rantamanmu bisa mlaku kanthi lancar. Petu­ gas sajak ora nggagas karo supir-supir ojek sing liwat palang pamariksan. Luwih nengenake kendaraan pribadi. Awak­mu ndonga terus supaya kaya ngene terus nganti tekan ngomah. Nanging nasib pancen ora bisa dibadhe. Lakumu kudu kesendhat kamangka wis entuk separo laku amarga ana petugas kang iyig nakoni iki-iku. Awakmu wis mbudidaya ngeyel nanging panggah wae awakmu diakon muter balik.

Kahanan mangkono nggawe pikiranmu sumpek. Kaya-kaya kabeh ora nyengkuyung karepmu kepengin bali ing ndesa. Dhuwitmu sangsaya tipis, ora bisa bali kontrakan maneh. Adoh kana adoh kene. Awakmu klakon nangis ngguguk amarga ora ngerti kudu kepriye. Montor mboklakoke ngono bae ora ngerti kudu menyang ngendi.

Ing tengah-tengahe nyetir montor, awakmu ngerti ana wong lanang lan wong wadon boncengan ing ngarepmu. Mbuh entuk gagasan saka ngendi awakmu njejeri montor kasebut lan ngrebut tas sing dienggo wong wadon sing mbonceng banjur awakmu ngegas banter. Tujuanmu mlayu ing kantor polisi paling cedhak. Nyerahke awak.

“Becik aku dikunjara wae. Genah ana sing ngopeni. Entuk jatah mangan,” kaya mangkono pikiran cupetmu.

Montor ing mburimu ora mandheg anggone ngoyak lan bengok-bengok.

198 | Antologi Cerkak