Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/21

Kaca iki wis divalidasi

"Ora ngono, Bu. Aku taktakon. Jan-jane Bu Titi asli saka ngendi? Yen tak rungokake logat lagunene kok ora saka dhaerah kene, e... aku malah kepo?"

"Kula saking Boyolali."

"Lha rak tenan ta. Wis takbedhek," ujare Prasojo.

Bareng saklebatan weruh tangane kiwa Nastiti sing drijine ana ali-ali mata biru, tambah kumesar atine Prasojo. Ali-ali kuwi padha karo ali-ali mata biru sing diduweki. Ali-ali mata biru kuwi ana gathukane ali-ali emas kaya lumrahe ali-ali tuna­ngan. Apa wanita iki sing dikarepake ibune sing bakal dadi jatu­kra­ mane. Nanging, geneya ana ali-ali liyane sing ana drijine. Nje­greg awake kaya tugu. Pikirane dadi campur bawur antarane piwelinge ibune karo ali-ali tunangane Nastiti. Sakrandhuning awak disawang siji mbaka siji awit pucuk rambut, praupan, nganti wanguning badan. Prasojo kamitenggengen mulat Bu Nastiti sing isih ana ing ngarepe.

"Pak,... Pak Pras!" panguwuhe Nastiti. Tangane kumlawe ana ngarep raine Prasojo. "Kula ngrumiyini wangsul, Pak," tem­bunge Nastiti sakteruse.

"Eh, enggih, Bu." wangsulane Prasojo gragapan. "Nganu, Bu Titi. Aku mengko sore dolan neng ndalem diparengake nggih?"

Nastiti rada pekewuh karo ibu kos, sabab ana tamu priya sing dudu muhrime. Nanging, Nastiti percaya Pak Prasojo ora bakal neka-neka, apa meneh kurang ajar. Kabeh masyarakat konoya wis ngerti sapa Pak Prasojo. Mulane Nastiti mung bisa manthuk karo jumangkah metu saka ruang guru. Prasojo nya­ wang Nastiti nganti wayangane ilang neng waliking lawang. Prasojo nuli ringkes-ringkes piranti sing dadi alat pelajaran. Bareng wis rampung, kaya-kaya abot ninggalake kursi, Prasojo lungguh. Telapak tangane diusap-usapake nuli diraupake neng raine. Wewayangane Nastiti isih katon ana mata. Guru wadon iku banget gawe sengsem. Luwih-luwih yen mesem utawa ngguyu katon ana dhekik ing pipine. Iku sing ora bisa dilalekake.

10 | Antologi Cerkak