Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/210

Kaca iki wis divalidasi

“Jambreetttt ... jambretttt ....”

Bengokan kasebut nuwukahe kawigatene wong akeh. Saya suwe saya akeh montor sing ngoyak awakmu. Awakmu sangsaya mbanterake laku wis ora mikir arep kepriye.

Bruuuk ....

Ana barang atos kang digebugke ing gegermu. Pranyata ana sing kasil ngoyak awakmu. Awakmu oleng, ora bisa ngendhaleni laku. Banjur tiba glangsaran.

“Kae jambrete tiba ... ayo digebugi.”

“Diobong lak wis.”

“Pateni wae!”

Sangsaya akeh pawongan kang ngroyok lan nggebugi awakmu. Rasa lara lan bengokan campur adhuk dadi siji. Ana barang cair kang disiramake marang awakmu. Awakmu isih bisa mbedhek yen iki mesthi bensin. Awakmu ora tau mbayangke yen lelakon uripmu kudu dipungkasi kanthi cara kaya ngene. Korek wis disumet, kari ngenteni wae awakmu bakal ketemu Malaikat Izrail.

“Bubar! Bubar! Polisi teka. Ayo bubar!”

Awakmu isih keprungu lamat-lamat sirene mobil polisi lan bengokan pawongan sing menging nindakake main hakim sendiri. Gerombolan wong-wong sing nggebugi lan nyiram awakmu padha mlayu sajak wegah urusan karo polisi. Awakmu isih bisa ndeloki bungkusan isi klambi koki lan sarung bathik sing ndhisiki kobong kena korek kang dibuwang ngono wae. Ing kahanan urip lan mati sesawangan anak lan bojomu ganti-gumanti ngebaki mripatmu. Bojomu ayu lan pantes nganggo sarung bathik truntum senengane. Anakmu uga tambah katon lucune nganggo klambi koki lan dolanan mangsak-mangsakan senengane.

“Ngapuranen Bapak ya, Ndhuk, ngapuranen aku ya, Bune. Ngapuranen tenan,” ujarmu lirih.

***

Nalika Rembulan Bunder | 199