Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/212

Kaca iki wis divalidasi
Pasien Kamar 3 Anatri Endras Sumekar

Sore iki langite katon resik. Mega-mega kang maune ngreng­ gani angkasa saya suwe padha sumingkir. Alon-alon Neni mancal sepedha motore tumuju bangsal Blimbing. Kudune Neni saiki prei amarga lagi mau esuk mudhun jaga. Nanging kepriye maneh dheweke ora mentala mangerteni anake kancane kang dadakan lara butuh kawigaten. Mula sore iki dheweke piket maneh nggenteni kancane.

“Mbak ndherek nggih anak kula, Eka ing kamar 3 dipun­sibin! Kula badhe tumbas minyak kayu putih,” mangkono panjaluke Bu Semi, ibune Eka kang umur-umurane wis setengah abad. Dheweke banjur ninggalake bangsal Blimbing sawise Neni nyaguhi sinambi manthuk.

Neni kang lagi ngecek data-data pasien ing bangsal Blimbing menyat njupuk ubarampe kang dibutuhake. Dheweke njujug kamar nomer 3. Alon-alon lawang kamar dibukak. Katon Eka kang kondisi-ne lemes.

“Nyuwun pangapunten, Mbak! Niki kula kasuwun nyibin Panjenengan,” celathune Neni sawise nganggo sarung tangan lan njupuk washlap kang wus cumepak sandhinge baskom kang isi banyu anget.

Eka, bocah wadon kang umur-umurane 20 tahun mau mung manthuk tanpa daya. Alon-alon Neni wiwit nyibini Eka. Ana 20 menit Neni anggone nyibini. Pancen rada sawetara amarga Eka diinfus. Rampung nyibini Eka, Neni metu saka kamar papagan karo Bu Semi.

Nalika Rembulan Bunder | 201

Nalika Rembulan Bunder | 201