Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/213

Kaca iki wis divalidasi

Neni ninggalake kamare Eka. Ora lali wijik nganggo hand sanitizer kang cumepak ing ngarep kamar nomer 3, terus nju­ jug kamar mandhi reresik awak. Seger tenan. Klambi putih kang dienggo dilebokake plastik lan didelehake njero kranjang. Tujune Neni nyimpen klambi serepan, kanggo ngawekani yen klambine reged.

“Lho, Mbak, kok jaga?” pitakone Sinta kang wiwit mau durung ketemu Neni. “Aku ora mentala karo Mbak Heti. Putrane panas uga mutah-mutah. Mula aku nggenteni jaga, Dhik. Lha sore iki sing jaga sapa wae?”

“O...ngono ta! Sing jaga sore iki aku, Mbak Neni, Mas Panca, lan Mas Pandu. Nanging nalika aku teka, Mas Panca lan Mas Pandu lagi ana ing kamar 7 kang pasiene butuh oksigen. Panjenengan nembe wae rawuh, Mbak?” wangsulane Sinta lan banjur takon marang Neni kang dikira nembe wae teka.

“Aku wis teka wiwit mau, Dhik. Iki le bar saka kamar 3, nyi­bini pasien,” wangsulane Neni sinambi mbenakake kudhunge kang durung kober diwenehi bros.

“Mbak, pasien kamar 3, pasien anyar. Nembe mlebu mau awan. Saka IGD langsung dikon mondhok,” jlentrehe Sinta kang lungguh ing sandhinge Neni.

“Aman, ta, Dhik?” pitakone Neni karo nyawang Sinta sing lagi mbukak data-ne Eka Pertiwi.

“Miturut data isian saka kulawarga, aman, Mbak. Riwayate pasien sadurunge ing kene sempat opname ing Rumah Sakit Merdeka. Terus dirujuk ing kene. ” Neni ambegan landhung. Pangajabe sing disuwun ora ana apa-apa. Nalika nyibini Eka suhune klebu normal, tanpa seseg uga ora mutah-mutah. Sing njalari Neni sangsaya manteb rumah sakit iki ora kanggo pasien sing positif Covid-19. Dening pihak rumah sakit pasien sing kena Covid-19 dipapanake ana ing gedhung khusus adoh saka rumah sakit kono, udakara rong kilo jarake.

202 | Antologi Cerkak