Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/214

Kaca iki wis divalidasi

Wengi iki ing bangsal Blimbing hawane adhem. Ora kaya wengi-wengi kapungkur. Sumiliring angin sumribit rumasuk tekan saranduning awak. Neni lan Sinta kepeksa nganggo jas. Neni kadhang kala angop, theklak-thekluk. Suwe-suwe keturon ing kursi.

Wis seminggu, wiwit anane pageblug utawa pandemi Covid-19 iki saben perawat anggone jaga dijadwal telung dina mlebu telung dina prei. Aturan mau kanggo ngawekani ngu­rangi kumpul-kumpul. Mengku pamrih ngurangi sumebare virus korona.

Esuk jam 08.00 Neni ninggalake rumah sakit. Wektu rong dina kanggone Neni digunakake kanggo reresik omah. Lumayan bisa uga kanggo ngaso, bisa kanggo mbalekake imunitas awak. Jaga bengi mbutuhake tenaga ekstra.

“Bu Neni, mangke ing ruang kula!” panjaluke Ketua Bangsal, Pak Heru, nalika Neni mlebu nyambut gawe.

“Inggih, Pak,” wangsulane Neni ngemu pitakon ing batine.

“Ana apa ya kok Pak Heru ndhawuhi sowan, ya?”

Sawise menehake obat marang pasien-pasien ing bangsal Blimbing, Neni nglegakake sowan Pak Heru karo nggawa pitakon kang butuh wangsulan.

“Mangga pinarak lenggah, Bu!” pakone Pak Heru kang banjur mbukak stopmap kang isi data sawijining pasien. “Inggih Pak,” semaure Neni kang banjur njujug kursi sing ana ngarep mejane Pak Heru.

Pak Heru miwiti crita. Nanging sadurunge Pak Heru ngendika,” Bu Neni, menapa ingkang samangke kula aturaken menika kangge kasaenan sedayanipun. Kula suwun samangke katampi kanthi iklas saha sabar!”

“Nyuwun pangapunten sejatosipun wonten menapa nggih, Pak?” pitakone Neni ora sranta kepengin ngerti ana kadadean apa sajatine.

Nalika Rembulan Bunder | 203