Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/215

Kaca iki wis divalidasi

“Bu Neni, ngaturi uninga bilih Eka, pasien ing kamar 3, sampun tilar donya!”

Neni kaget, “Innalillahi wainnailaihi rajiun!”

Pak Heru njlentrehake, nalika Bu Neni istirahat ing omah, panase Eka nganti 38oC uga seseg. Esuke Eka kapundhut ing ngarsaning Gusti kang akarya jagad. Tim medis banjur nindakake rapid test lan swab sadurunge jenazahe Eka disuceni. Usaha liyane kang ditindakake tim medis, kulawargane Eka didhedhes mula bukane Eka mlebu ing Rumah Sakit Merdeka kang banjur dirujuk ing rumah sakit iki. Ibune Eka pranyata pancen sengaja nutupi riwayate Eka supaya bisa katampa ing Rumah Sakit Merdeka. Ibune Eka kandha yen telung minggu kapungkur Eka lelungan ing njaban kutha. Kondangan kabacutake reuni. Asiling tes esuk mau Eka positif kena virus korona.

“Astaghfirullahhal’adzim!” tembunge Neni lemes karo nutupi raine.

Pak Heru nyuwun supaya Neni wiwit karantina mandhiri ing ngomah suwene patlikur dina saka dina iki. Pranyata sing karantina ora mung Neni, nanging ana uga perawat liyane kang wis sesambungan langsung karo pasien.

Metu saka ruwangane Pak Heru, Neni lungguh dhelegdheleg. Ing batin ngundhamana marang kulawargane Eka.

“Kok ya tegel kulawargane Eka ora jujur bab kahanane Eka kang sajatine. Yen ngene iki rak ngrugekake perawat, uga kulawargane perawat. Melu nanggung sakabehe. Astaghfirullahhal’­adziim!” pangresahe Neni.

Alon-alon Neni nata ati. Dheweke ora kena emosi. Kabeh wis kedaden. Emosi ora bakal ngrampungi perkarane. Mula alon-alon Neni njupuk hape, telepon Ilham, bojone.

“Mas, kamar omah mburi tulung diresiki!” panjaluke Neni memelas tanpa daya.

“Kok ndadak diresiki, wong kamar ing omah ngarep ya ana sing kosong?”

204 | Antologi Cerkak