Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/216

Kaca iki wis divalidasi

Neni kepeksa nyritakake kahanan kang sanyatane. Garagara kulawargane Eka ora blaka suta mula saperangan tim medis kang wis sesambungan langsung karo Eka kadhawuhan karan­tina mandhiri. Mula dina iki Neni miwiti nindakake karantina mandhiri kanthi pamrih supaya kulawargane ora kena pageblug Covid-19.

Krungu keterangane Neni, Ilham ora bisa omong apa-apa. Dheweke malah mikir kepriye mengko anggone kandha karo anake. Ora mentala yen anake kudu pisah karo ibune amarga kudu karantina mandhiri.

“Mas, aja lali, uga siyapake klambi, ubarampe kanggo adus, magiccom, beras, lan termos!” “Iyyyaa ....” wangsulane Ilham rada glagepan amarga isih mikirake anake kang kudu pisah karo ibune.

Neni ambegan landhung. Wis lega bisa ngandhakake perkarane marang Ilham. Alon-alon Neni menyat, mlaku tumuju ruwang perawat saperlu njupuk tas. Metu saka rumah sakit ora bisa kumecap apa-apa. Sing ana pikirane Neni kepriye anake yen ngerti dheweke karantina mandhiri?

Ing ngomah Ilham durung arep crita marang Weni. Dhe­weke arep golek wektu sing cocog. Mulane saiki Ilham ngajak Weni saperlu ngresiki kamar omah mburi kang wis suwe ora dienggoni mbakyune. Omah kang wis udakara ana rong taun kosong. Nanging dening Ilham lan Neni omah mau kadhang kala diresiki. Samangsa udan omah mau digunakake kanggo mepe klambi.

“Pak, kok kadingaren ngresiki kamar niki?” pitakone Weni anake kang mbarep, dene umure 12 taun, ”Kangge sinten?” Weni isih takon sinambi nyapu.

“Adate Bapak lan Ibu rak ya ngresiki omah iki. Nanging gan­dheng ibumu durung kondur mula Bapak ngajak Weni ngresiki kamar iki!” tembunge Ilham karo nyawang Weni kang nyapu jogan. Ana rasa melas, trenyuh, campur dadi siji.

Nalika Rembulan Bunder | 205

Nalika Rembulan Bunder | 205