Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/218

Kaca iki wis divalidasi

“Sabar ya, Ndhuk! Ibumu tetep butuh kanca. Butuh kawigatene Bapak uga Weni. Mula Weni samangsa-mangsa bisa VC (video call) karo ibumu, supaya ora nglangut.”

Krungu tembunge Ilham, Weni anggone sesenggrukan rada mendha. Luhe kang mili ing pipi dilap nganggo tangane karo semaur, “Inggih, Pak!”

Ilham njujug pawon njupuk wedang anget kanggo Weni. Alon-alon Weni njupuk androide banjur video call karo ibune.

Weni lan Neni padha-padha sesenggukan. Pandengpandengan. Ing angen-angene kepengin padha rangkulan ngesokake pangrasaning ati kang ora bisa dicritakake.

Lembah Tidar, 21 Juni 2020

Anatri Endras Sumekar, dipunlairaken wonten ing Gombong, 5 Juli 1967. Lulus SMP Negeri 4 Magelang taun 1983, nglajengaken ing SPG Negeri

Magelang taun 1986. Lulus SPG nyecep ngelmu ing Progam Studi Pendidikan Bahasa Jawa, FPBS, IKIP Negeri Yogyakarta. Titi wanci menika taksih aktif mucal ing SMP Negeri I Mungkid, Kabupaten Magelang. Hasil karyanipun, yaiku (1) “Memetri Unggah-Ungguh Basa Jawi kanthi Lelagon” (Djaka Lodhang, 2012), (2) “Ngrembakakaken Pendidikan Karakter Lumantar Ekstrakurikuler Macapat” (Djaka Lodhang, 2013), (3) Antologi cerkak Kluruk (Sun Rice, Yogyakarta, 2015), (4) Antologi cerkak Kunci (Farishma Indonesia, Sukoharjo, 2020).

Nalika Rembulan Bunder | 207