Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/220

Kaca iki wis divalidasi

kanca-kancamu. Sebab blangko ijazah sing arep ditulisi biji asil ujian durung mudhun.”

“Lajeng pripun nggih, Pak Guru?”

“Kowe arep nerusake sekolah ing endi?”

“Kula badhe kesah.”

“Arep lunga? Lunga menyang endi?”

“Badhe tumut bapak biyung teng Kalimantan.”

“Oh!”

“Kula dikengken nyusul kaliyan mbeta ijazah.”

“Lha mangkatmu karo sapa?”

“Wonten tiyang ingkang badhe bidhal wonten Kalimantan. Kula dititipaken.”

“Kapan?”

“Ngenjing, Pak. Kalih dinten malih.”

Aku blangkemen. Krungu tembung-tembunge Kusmiana sing lirih nanging ijen-ijen ndadekake dhadhaku kebak watu. Mbedhedheg! Hhhgghh, mrangguli lelakon kok kaya ngene. Sewu tembung arep kawetu ing lambe nanging kandheg ing gurung.

Kusmiana iku salah siji ing antarane rong puluh muridku. Dibandhing kanca-kancane, Kusmiana mujudake muridku sing paling anteng lan sethithik omonge. Nanging sing banget bedane, rumangsaku bocah siji iki ora duwe syaraf guyu. Sing ajeg dumadi, ora pisan ora pindho, saben-saben aku crita lucu lan marakake swasana kelas ger-geran, dheweke mung mencerengi aku karo paling-paling ngobahake sethithik lambene.

Tumrapku Kusmiana bocah aneh. Kayadene mlaku, arahe asring lelawanan karo wong akeh. Yen liyane ngidul, dheweke ngalor. Bocah saumur sekolah dasar kudune seneng dolanan lan grombol-grombol karo kancane. Kusmiana ora. Kusmiana senenge ijen. Yen istirahat, olehe metu saka kelas keri dhewe. Pinuju kanca-kancane jajan ing kantin dheweke trima lungguh ing teras ngarep kelas. Kala-kala karo maca buku, kala-kala

Nalika Rembulan Bunder | 209