Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/223

Kaca iki wis divalidasi

pendidikan, didaktik metodik, praktik mulang, carane omong lan tumindak sangarepe siswa, carane nganggo klambi sing 'ngguroni', sopan santun lan tatakrama, unggah-ungguhe tembung lan panganggone, lan liya-liyane.

Yen jaman saiki panganggone guru kaya bocah nom-noman sing katut iline mode dianggep lumrah. Jaman biyen, jaman aku sekolah ing SPG, huh, aja takon dosa! Kocap ana bocah SPG kok nyandhang kaya ngono, upamane ana murid lanang nganggo gelang, benik klambi ngisore benik gulon klambi ora diterapake, murid wadon dhengkule katon, ora nganggo rok njero, ora ngenteni mengko apamaneh sesuk, langsung dituntun mlebu ruwang BP. Banjur Bu Sum, asma jangkepe Bu Sumiati, ngendika kanthi aris, lembut, alon, ijen-ijen, nanging nandhes, "Le, Le, olehmu nganggo klambi kok apik temen. Yen penganggomu kaya ngono, murid-muridmu arep dadi apa?"

Bocah sing di-BP mung tumungkul karo klecam-klecem. Rumangsa luput, nglenggana yen ora sapantese, mula saka iku kudu ngowahi adat. Kena dipesthekake, esuke penganggone bocah iku "bisa dadi patuladhan" tumrap kanca-kancane.

Jaman saiki guru ngecakake tembung, "kondur", "dhahar", "maringi", "siram", "ngunjuk", "sare" kanggo awake dhewe uga dianggep lumrah, lan dianggep ora ana pengaruhe tumrap sesrawung. Jaman aku sekolah SPG, kocap ana murid kleru ngecakake tembung adhedhasar unggah-ungguh lan tatakrama, ditunyuk bathuke dening guru basa Jawa, sing ora liya Bu Sumiati.

"Le, nek kanggo awake dhewe sing bener dudu kondur ning wangsul. Sing bener dudu siram ning adus. Sing bener dudu maringi ning ngaturi utawa nyaosi," mengkono sateruse.

Bu Sum banjur njlentrehake marang siswa-siswane beda tembung "ngaturi" lan "nyaosi". Tembung "ngaturi" digunakake kanggo menehake barang marang wong sing diajeni. Dene tembung "nyaosi" digunakake kanggo menehake barang

212 | Antologi Cerkak