Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/224

Kaca iki wis divalidasi

nanging mligi awujud panganan. Bocah-bocah calon guru padha ndomblong mireng pangandikane Bu Sum. Kok semono jerone.

Saiki jamane wis beda, adoh nyamut-nyamut saka jaman nalika aku sekolah biyen. Aku ora ngerti, jaman sing takalami saiki iki saya apik apa saya rusak. Sing terang, yen ngrungokake cara micara lan solah bawa guru-guru enom jaman saiki, aku asring ngelus dhadha.

Ewasemana kahanan sing paling ndadekake atiku perih, pitakone Kusmiana bab ijazah, “Terus kepripun nggih, Pak Guru?”

Aku ora bisa jawab becike piye. Aku uga ora ngerti kudu tumindak kepiye. Rong dina maneh Kusmiana mangkat me­nyang Kalimantan. Lan welinge wong tuwane supaya olehe nyusul karo nggawa ijazah ndadekake atiku kaya dicencem banyu uyah. Dhuh, kaniaya temen nasibmu! Bocah sing isih duwe wong tuwa nanging kaya bocah lola, bocah sing ora duwe syaraf guyu, bocah sing olehe sekolah sangu dhuwit sewu utawa rong ewu lan dhuwit mau ora kanggo jajan, kudu pasrah nemokake nasibe remuk kalindhes kahanan.

Nganti Kusmiana pamit mulih, aku ora bisa menehi katrangan kudu kepiye. Bisaku mung ngiyakake nalika kanthi swara groyok Kusmiana pamitan. Panyawange aclum, mripate kaca-kaca. Banjur kanthi jangkah alon dheweke ninggalake latar, nyandhak sepedha, lan kriyat-kriyet ngonthel sepedhane.

Aku isih panggah ngadeg nggejejer ing tlundhakan omah senajan wis sawetara suwe klebate Kusmiana ilang saka tikungan dalan. Dumadakan ana rasa sing ora bisa takkendhaleni. Mripat­ku blawur, banjur tanpa bisa takcandhet, satetes eluh mrucut saka mripatku, nelesi tlundhakan omah ing antarane sikil kiwa tengenku.

#mendhung 2018

Ambal Kebumen, Juni 2020

Nalika Rembulan Bunder | 213