Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/226

Kaca iki wis divalidasi
Sembadra Irul S. Budianto

Kowe mesam-mesem. Atimu seneng banget. Pepenginanmu saiki keturutan. Bisa katut seleksi pentas drama tari sing bakal digelar ing plataran Candhi Cetho. Sawijine event taunan sing tansah ditunggu-tunggu dening wong akeh.

Kanggomu, bisa katut seleksi pentas drama tari sing wektu iki bakal ngangkat crita ‘Begawan Ciptaning’ mujudake kanugrahan sing tan kinira. Ora angger penari bisa katut, awit seleksine abot lan ketat. Tim seleksi mung bakal milih penari sing lulus sarat lan kriteria sing wis ditemtokake. Embuh kuwi bab kaluwesan, ekspresi, kontrol emosi, karakter, dedeg-piadeg, lan sapanunggalane.

Senajan kowe katut seleksi kanthi cara sing fair, nanging tetep wae keprungu tembung-tembung miring sing ora nge­ penakake ati. Ana sing ngarani kowe bisa katut seleksi merga sesambunganmu karo Bramantyo sing dadi ketua tim seleksi lan sutradara pentas drama tari. Krungu tembung kaya ngono mesthi wae kowe kepengin muring lan nesu. Kepengin nglabrag sapa sing muni. Nanging ngrumangsani dadi penari profesional, kowe pilih meneng. Ora perlu nglanggati awit mung bakal nguras pikiran lan ngguwang tenaga.

“Laras, geneya malah lungguhan ana kene lan ora ngenteni ana ruwangan wae?” kandhane Gayatri sing ngerti-ngerti nga­deg ana cedhakmu.

Nalika Rembulan Bunder | 215