Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/227

Kaca iki wis divalidasi

Kowe mesem. Gayatri mboksawang sedhela, banjur kan­ dhamu, “Lungguhan ana kene dhisik karo aku, wektune isih rada longgar.”

“Laras, upama dikon milih, kowe pilih dadi paraga apa ing pentas mengko?” pitakone Gayatri karo njejeri lungguhmu.

Kowe ora mangsuli. Panyawangmu malah tumancep ma­ rang prenahe kembang sing lagi mekar ing cedhakmu.

“Piye, Laras?”

“Diwenehi casting apa wae aku manut lan bakal daklakoni kanthi senenging ati. Karomaneh, awake dhewe bisane mung manut karo kekarepane sutradara.”

“Iya, kuwi pancen bener, wong nyatane awake dhewe di-casting apa wae kudu manut.”

“Lha upama aku sing genti takon, kowe pilih dadi apa?”

Gayatri ora gage wangsulan. Panyawange saiki lumepas marang langit sing esuk kuwi katon resik. Nanging ora suwe, banjur kandhane, “Yen aku pilih lan seneng dadi widadari sing kejibah nggodha Begawan Ciptaning. Embuh kuwi Supraba, Wilutama, utawa liyane.”

“Alesane?”

“Yen kowe takon alesane, aku kangelan mangsuli. Kuwi mung kegawa rasaku wae. Rasa kaya ngono mbokmenawa wis lumrah dialami para penari. Kowe dhewe dakkira ya ngono, rasa kaya ngono mesthi kober ngosikake dhadha. Diakoni utawa ora, penari tetep duwe pilihan.”

Krungu tembung kaya ngono, kowe banjur meneng. Panya­wangmu bali tumancep menyang prenahe kembang ing cedhakmu. Batinmu kresah-kresuh dhewe. Apa sing di­kandhakake Gayatri pancen ana benere. Upama gelem blaka, kowe pancene kepengin dadi Sembadra. Alesane, Sembadra mujudake paraga sing duwe karakter unik. Sembadra minangka paraga putri ideal kanthi lageyane sing alus, ruruh-anteng, nanging bisa tumindak tegas samangsa diperlokake.

216 | Antologi Cerkak