Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/228

Kaca iki wis divalidasi

“Laras, geneya malah meneng?” Gayatri njawil pundhakmu.

“Kandhamu ana benere. Kanyatan kuwi ora bisa diselaki. Kaya ngapa wae penari tetep duwe pilihan,” wangsulanmu keprungu alon.

“Laras, aku jane gumun. Ingatase kowe sasuwene iki cedhak karo Bramantyo, geneya lagi wektu iki melu pentas?” Gayatri nyoba takon liyane.

“Mbokmenawa taun iki lagi jatahku. Nyatane wis kaping telu aku nyoba melu seleksi, lagi saiki bisa katut.”

“Apa kowe ora nate nembung Bramantyo? Yen kowe gelem nembung Bramantyo sing wis sawetara taun iki nangani event taunan ing Candhi Cetho, dakkira dheweke ora kabotan. Kepriyea wae dheweke sing wenang nemtokake sapa wae penari sing kudu dipilih.”

“Bramantyo aja mbokanggep gampang lan kena dielakeluk. Dheweke banget profesional. Senajan cedhak karo dheweke, yen ora klebu pilihane tetep ora bisa. Lan aku wegah nganggo cara kaya ngono, pilih melu seleksi kanthi cara sing fair.”

“Nanging.... “

Durung nganti Gayatri mbacutake tembunge, saka ruwangan sing prenahe ora patiya adoh saka papanmu lungguh wis keprungu swarane Bramantyo. Ngakon para penari age-age mlebu ruwangan, awit acara pengumunan casting arep diwiwiti.

Kowe lan Gayatri banjur mlaku alon-alon mlebu ruwangan. Ora gantalan wektu Bramantyo wis ngadeg ana sangarepe para penari. Macakake casting.

***

Kowe kaget, semu ora percaya. Anggonmu kepengin dadi Sembadra nyatane bisa kelakon. Tanpa mboknyana-nyana, Bramantyo menehi casting kuwi marang kowe. Apa alesane, ora ana sing ngerti, kajaba Bramantyo minangka sutradara ing pentas drama tari kuwi.

Nalika Rembulan Bunder | 217