Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/229

Kaca iki wis divalidasi

Entuk casting kaya sing mbokpengini mesthi wae njalari atimu seneng banget. Kuwi ora bisa mbokselaki, Upama pantesa, isen-isening atimu kuwi bakal mbokkandhakake marang sapa wae. Nanging ngrumangsani dadi penari profesional, rasa pangrasa sing kaya ngono cukup mboksimpen wae.

Kegawa senenging atimu entuk casting kuwi, kowe saiki genti mikir kepriye carane bisa total ngayahi paraga Sembadra lan asile maremake. Senajan sing uwis-uwis minangka penari profesional kowe tansah total ngayahi paraga apa wae, nanging casting sing iki kanggomu ora kaya biyasane. Casting Sembadra kayadene tantangan anyar sing kudu mboktelukake.

Mula, murih bisa total ngayahi paraga kuwi, ora lega rasamu yen durung bisa ngerteni watak utawa karaktere Sembadra. Lumantar buku lan literatur sing mbokwaca, saora-orane kowe ngerti watake Sembadra, yaiku setya tuhu, welas asih, becik bebudene, sabar lan jatmika, merak ati, sarta gampang kebrongot atine, Uga lila dimaru nalika Harjuna kepengin duwe garwa liya.

Ndeleng watak lan karaktere Sembadra sing kaya ngono wekasane kowe mung bisa gedheg-gedheg dhewe. Ngungun lan sajak ora percaya. Apa saiki ana wanita sing duwe watak kaya Sembadra, ngono batinmu banjur takon-takon dhewe. Ora mung tekan kono, pengangenmu banjur mbokulur-ulur, Yen nganti saiki ana wanita kaya Sembadra ateges kuwi wanita pilihan sing ora ana tandhingane. Wanita sing ati lan rasa-pangrasane angel digambarake nganggo ukara apa wae.

“Sembadra.... Sembadra...”

Batinmu saiki muni dhewe nalika kowe nyelehake awak ing kamar sawise mulih saka latihan sing nguras tenaga, pikiran, lan rasa. Kowe sore iki kepengin turu ora ketang mung saliyepan. Ngendhokake otot lan tangi mengko awak krasa seger. Nanging nyatane ora bisa. Mripatmu angel dieremake. Wewayangane Sembadra terus glibedan ing pengangenmu. Luwih-luwih

218 Antologi Cerkak