Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/23

Kaca iki wis divalidasi

"Mangga, Pak Pras, dipununjuk saha dipunrahabi. Njih namung mekaten ingkang saget kula aturaken," ature Nastiti miwiti rembug.

"Iya, Bu Titi. Ora ngira Iho nek tekaku kene bakal disubya kaya ngene," ujare Prasojo.

"Walah, Pak Pras niku Iho pinter ngendikan."

"Lha Mas Mali mau ana ngendi?"

"Bablas medal wingking. Jarene ajeng sanjanggene Yuni, putrane Bu Pawiro."

"Yuni. Iku isih sedulur karo aku Iho, Bu."

"Sedulur napa sedulur."

Tembunge Nastiti sing pungkasan iku gawe gogloh atine Prasojo. Kayane Nastiti sembranan. Prasojokudu luwih ngati-ati. Jarene wong kae yen rembugan karo wong wadon kuwi padha karo ngundhuh madu sing dirubung tawon. Nek ora nganggo pangati-ati bisa wae dientup tawon-tawon sing ngrubung mau. Tundhonebisanandhang tatu. Yen pinter anggonengelus, tawon mau bisa ikhlas yen madune dijupuk. Pungkasane memanis lan manohara sing bisa dirasakake, Nanging, sembranane Nastiti malah nuwuhake semangat anggone miwiti karep.

"Sedulur, Bu. Ibune Yuni iku isih sedulur karo Bapakku. Bu Titi katon sumringah seger Iho, Beja temen priya sing bisa mengku Njenengan, Bu," pangaleme Prasojo.

"Walah, gombal, Pak. Priyayi lanang ki nek ngalembana pinter, sundhul langit, Ning ujung-ujunge nglarake ati. Nggih ta, Pak Pras?" ruruhe Nastiti karo mesem ngujiwat.

Prasojo melu-melu ngguyu karo ngukurngukur sirah senajan ora gatel.

"Apa Bu Titi nate digombali priya? Ning dudu aku lho, Bu. Aku ora duwe gombal lho, Bu," celathune Prasojo karo ngguyu.

Nastiti ora nesu malah kepara melu ngguyu.

"Pak Prasrawuh badhenggombal napa wonten bab sanes?" pitakone Nastiti.

12 | Antologi Cerkak