Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/230

Kaca iki wis divalidasi

tembunge Bramantyo nalika latihan mau njalari dhadhamu kroncalan nganti saiki.

“Laras, wis mantep tenan karo casting Sembadra?” kandhane Bramantyo dibarengi esem ngepasi leren latihan ing pendhapa.

“Ya, kudu mantep.”

“Kanggoku, casting Sembadra luwih abot tinimbang widadari sing kajibah nggodha tapane Begawan Ciptaning.”

“Kok bisa? Casting apa wae mesthine padha wae, kabeh nuntut totalitas.”

“Yen bab kuwi ana benere. Sing dakkarepake, nglakoni casting apa wae kudu ngerteni watak utawa karaktere paraga sing arep diayahi. Sliramu kudune ngerti, Sembadra kuwi duwe karakter sing unik. Kajaba becik bebudene, anteng jatmika lan sapanunggalane, Sembadra uga bisa nesu sing tan kinira sauger atine kesenggol utawa kebrongot.”

“Aku dadi ngungun dhewe sawise ngerteni watak lan karaktere Sembadra. Yen diplayokake menyang wektu saiki, apa ana wong wadon sing kaya ngono?”

“Genah ana.”

“Kuwi sengara anane. Yen ana, coba tuduhna.”

Bramantyo meneng sedhela karo mesem nyawang kowe. Esem sing saben-saben bisa ngruntuhake atimu. “Sembadra kuwi saiki ana ngarepku. Sembadra kuwi ora liya Laras Ayu Pratiwi.”

Kowe mrengut. Anggepanmu, Bramantyo muni kaya ngono mung saderma mbebeda kaya sing asring dilakoni ing saben dinane.

“Kanggoku, wong wadon sing ana ngarepku iki ya Sembadra kuwi. Mula ora salah yen aku tansah kepengin cedhak terus. Wegah pisah.”

Pengangenmu sanalika ambyar nalika ponsel sing mbok­ seleh ana cedhakmu muni. Ana pesen whatsapp mlebu. Ponsel banjur mbokranggeh lan mbokbukak kanthi aras-arasen. Jebul

Nalika Rembulan Bunder | 219