Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/231

Kaca iki wis divalidasi

pesene Wulan sing ngelingake mengko bengi acara kulineran aja nganti lali.

***

Pentas drama tari sing digelar ing plataran Candhi Cetho kanthi ngangkat crita ‘Begawan Ciptaning’ bengi kuwi pancen spektakuler. Penontone mbludhag. Gubernur, bupati, lan pejabat penting liyane sing nonton wiwit lekas nganti pungkas padha kasengsem. Malah merga kasengseme, Gubernur janji arep nggelar pentas drama tari mau ing acara ulang taun provinsi sing ora suwe maneh.

Bramantyo lan penari liyane mesthi wae seneng banget entuk janji sing kaya ngono saka Gubernur. Nanging ora ngono kanggomu. Kowe sajak aras-arasen yen kudu pentas maneh. Trima ora melu. Yen nganti melu pentas maneh ateges mung bakal ndedawa crita sing ora ngepenakake. Sisan-sisan kareben Bramantyo ngerti, kekarepanmu kuwi mboksuntak ing ngarepe.

Atimu kadhung lara lan njarem. Sawetara sasi suwene, wiwit latihan nganti pentas drama tari nyatane wis nukulake crita seje sing ora mbokkarepake. Crita sing kober njejaki dhadhamu. Bramantyo sing sasuwene iki mbokanggep kukuh lan kenceng atine, nyatane ora ngono. Bramantyo miyur, gampang kagiwang marang endahe panggodha. Atine runtuh krana esem manise Gayatri, kancamu sing kadhapuk dadi Dewi Supraba ing pentas drama tari kuwi.

Minangka jejere wong wadon lumrah mesthi wae kowe serik. Ora trima yen sesambunganmu karo Bramantyo sing wis mboklakoni sawetara suwene kudu pethal ngono wae garagara tekane wanita liya. Nggagas lelakon kuwi, embuh ngapa saiki kowe kepengin ngipatake adoh wewayangane Sembadra sing sasuwene iki tansah glibedan ing pengangenmu. Kowe ora bisa yen kaya Sembadra sing trima meneng lan manut dupeh duwe watak alus, anteng lan nrima. Ora, ora! Kowe tetep ngrumangsani dadi wong wadon lumrah, ora kaya Sembadra, sing tetep kanggonan rasa serik, sujana, lan liyane.

220 | Antologi Cerkak