Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/232

Kaca iki wis divalidasi

“Laras, yen kowe ora melu pentas banjur piye dadine mengko? Golek gantimu genah angel, wong wektune mepet,” tembunge Bramanto nyoba ngrimuk atimu murih gelem melu pentas maneh.

Kowe unjal ambegan. Bramantyo mboksawang, nanging mung satleraman. Panyawangmu banjur tumancep marang langit sing sore kuwi rinengga mendhung.

“Laras, apa mung kegawa rasamu, kowe tega nggagalake pentas?”

“Bram, aku dudu Sembadra, wanita sing ora ana tandhinga­ne ing bab apa wae. Aku mung wong wadon lumrah sing isih kedunungan rasa meri, serik, lan liyane. Mula, wurungna kekarepanmu sing kepengin ngajak aku murih gelem pentas maneh.”

“Kowe penari profesional, Ras. Mesthine bisa mbedakake antarane rasa lan profesi sing kudu dilakoni.”

Kowe meneng, ora semaur. Panyawangmu bali tumancep marang langit.

“Laras, minangka penari profesional mesthine kowe bisa njupuk keputusan sing sabecik-becike. Aku percaya, kowe bisa mbedakake antarane rasa lan profesi sing kudu mbok junjung dhuwur,” bubar omong kaya ngono Bramantyo banjur ninggalake kowe, embuh menyang endi parane.

Batinmu tansah silih-ungkih. Nggagas lelakon getir sing kudu mboktemahi. Kowe ora ngerti geneya Bramantyo mlayu ngono wae merga manise esem lan gincu wanita liya. Kowe mung bisa ngelus dhadha. Ora arep nyalahake Gayatri sawutuhe sing mbokanggep wis nggodha Bramantyo. Awit panggodhane Gayatri ora bakal tumama sauger Bramantyo ora gelem nglanggati. Lelakon, oh, lelakon!

Lelakon getir sing mbokrasakake, ora wurunga bali nyeret pengangenmu sing kepengin ngipatake adoh wewayangane

Nalika Rembulan Bunder | 221