Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/233

Kaca iki wis divalidasi

Sembadra senajan sadurunge pijer ngosikake atimu. Kanggomu, watake Sembadra sengara bisa ditiru dening wong wadon lumrah sing isih kedunungan rasa meri, serik, lan liyane. Ngrumangsani dadi wong wadon lumrah sing isih kadunungan sawernane rasa kayadene wong wadon liyane, kowe ora bisa yen kudu meneng ngadhepi lelakon kaya ngono.

Kowe kepengin bangga, nanging ora bisa. Kepriyea wae Bramantyo saiki wis mlaku sesandhingan karo wanita liya. Bramantyo wis lali karo janjine, ora kelingan tembung-tem­bung wingit sing nate rinonce bareng kowe. Nggagas kaya ngono, wekasane kowe mung trima meneng. Kowe uga banjur gawe keputusan, pilih nyingkir. Ora arep melu pentas maneh tinimbang ndedawa lara ati.

Wektune mlaku alon, nanging ajeg. Keputusan sing wis mbokgawe nyatane banjur mbokjabel dhewe. Ngrumangsani dadi penari profesional, kaya ngapa lara lan njareming ati ora pantes lamun digawa-gawa menyang urusan pentas. Kowe tetep bakal pentas maneh bareng Bramantyo. Kepriyea wae donyane tari sing wis suwe mboksilemi lan ngangkat jenengmu kudu dilakoni. Nuhoni profesionalitas sing kudu dijaga

***

Kaya ing Candhi Cetho, pentas drama tari sing ngangkat crita ‘Begawan Ciptaning’ lan digelar ing plataran Kantor Gubernuran bengi kuwi uga narik kawigatene penonton sing cacahe tanpa wilangan. Gawe sengseme sapa wae sing nonton. Kanyatan kaya ngono mesthi wae njalari atimu dadi mekar, luwih-luwih bengi kuwi kowe kaya-kaya sing dadi bintange panggung.

Nanging bengi kuwi kowe dadi kaget. Sawise para penari disalami Gubernur lan pejabat penting liyane, ngerti-ngerti kowe banjur ambruk. Ngerteni kahananmu sing ngalumpruk tanpa daya, Bramantyo, Gayatri lan sawetara kanca penari sakala nyedhaki prenahmu. Ngruket keket lan kaya wegah ngeculake.

222 | Antologi Cerkak