Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/234

Kaca iki wis divalidasi

Kowe dadi gumun dhewe nalika Bramantyo lan Gayatri saiki nangis banter.

“Laras....,” kowe sansaya gumun maneh nalika Bramantyo lan Gayatri saiki ngucap kaya ngono. Sawetara kanca penari liyane mung bisa njegreg kaya patung, ora bisa omong apa-apa.





Irul S. Budianto, lair ing Boyolali lan saiki dedunung ing Donohudan, Ngemplak, Boyolali, Jawa Tengah. Kajaba crita cekak, uga nulis geguritan, puisi, cerpen, crita anak, esai, lan liyane. Karya-karyane kapacak ing medhia basa Jawa lan Indonesia.

Buku sing wis diterbitake: Sing Jujur Mesthi Mujur (kumpulan wacan bocah, 2017), Cathetan Kanggo Lintang (kumpulan geguritan, 2018), Rembulan Sacuwil (kumpulan crita cekak, 2018) lan Kalung(kumpulan crita cekak, 2019). Taun 2020 nampa hadiah Sastera Jawa Rancage lumantar bukune kang asesirah Kalung (kumpulan crita cekak, 2019).

Nalika Rembulan Bunder | 223