Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/236

Kaca iki wis divalidasi

gulu lan rai. Jambu sak cuil sing isih, dak guwak. Aku ora betah. Awakku sak kojur pating clekit. Aku ndangak, lan mumbul kaget nalika weruh uler pating grandhul ing ndhuwurku. Aku arep mlayu, nanging lagi muter memburi, ngerti-ngerti wae Aji wis ana ing ngarepku. Aku lan dheweke tabrakan. Aku mringis amarga kelaran, dheweke malah cengingisan.

Nalika weruh aku ngurek gatelen, pasuryane Aji sing maune bungah amarga nemu aku ing ngisor wit jambu, malih mbruwet. Mbok menawa mesakne aku sing ora leren kukur-kukur. Banjur aku digeret ing sapinggire kebon, cedhak wit ganyong.

“Ibuku nangdi?” pitakonku.

“Wis kondur,” wangsulane Aji. “Tenang wae, aku mau wis matur yen kowe sedhilit kas arep mulih,” sajake, Aji ngerti yen aku keweden.

“Kene,” pengajake.

Aji banjur miyaki wit-witan ing kono. Aku lungguh ing sisihe. Dheweke mbedhol wit sing godhonge ijo, ambane kaya godhong ganyong. Aku ora ngerti wit apa kuwi. Ngerti wit ganyong wae ya nalika dolanan karo kanca-kancaku sak suwene aku pindhah rene.

Aku lagi ngerti yen Aji mbedhol wit kunir saka uwohe sing werna kuning. Sak wise dheweke ngonceki sak ros, banjur kunir kuwi mau didheplok nganggo watu nganti mumut. Dheplokan mau banjur diborehake ing tangan, gulu, lan awakku. Rasane pating trecep, nanging ya anyep. Suwening suwe, awakku malih kuning, nanging rasa gatel sing maune nguncek-uncek ilang, mari.

Bubar kuwi, gatelku ilang tenan. Aku lan Aji sawangsawangan. Bingung. Banjur aku lan dheweke ngguyu bareng lan banter. Maune, aku bingung yen didukani ibu amarga dolanan ing kebonan, malah saiki awakku sak kojur kuning kabeh. Niyate arep guwak tilas, saiki malah genah-genah nduduhake.

***

Nalika Rembulan Bunder | 225