Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/237

Kaca iki wis divalidasi

Wis meh jam sepuluh bengi nalika HP-ku muni. Aku lagi wae mapan ing kasur. Sedina iki mau aku kemeselen nuruti Wulan, pacarku, mlaku-mlaku. Pancen, wis suwe tenan aku lan dheweke ora dolan nangdi-nangdi. Aja kok mlaku-mlaku, pagaweyanku ning kantor ora kena diselani. Sedina iki mau, kapeksa aku nyela. Aku ora kepingin Wulan kuciwa amarga wis pirang-pirang anggonku mblenjani kepinginane.

Kanthi mripat kriyip-kriyip, aku nyandhak HP ing meja. Ana nomer anyar ing layar. Dak angkat kanthi rasa was-was. Sebab kanggo wong telpon, iki wis kapetung wengi.

“Halo,” ana swara pawongan lanang.

“Halo,” wangsulanku sinambi ngematake swara kuwi mau. Dak eling-eling mbok menawa swarane kancaku dhewe lan nomere lali ora dak simpen. Ananging, sanajan aku kaya akrab karo swara kuwi mau, pangelingku ora temu.

“Menika leres kalih Pak Wicaksono?” pitakone.

“Nggih, leres. Menika sinten, nggih?”

“Kula Aji. Setiaji menawi Bapak tasih kemutan?”

Mak deg! Genah aku langsung eling wong wiwit mau kaya akrab karo swarane.

“Owalah, kowe, ta, Ji. Kepiye kabarmu?”

“Apik, Son. Lha kowe piye? Jare wis dadi pengacara kondhang saiki, ya?”

“Halah, isa wae kowe kuwi,”

Omongan banjur mili kaya banyu. Aku lan Aji terus nyritakake apa wae, saka nalika isih cilik lan seneng dolanan ing kebone Mbah Sam, nganti nalika aku kudu pindhah amarga ngetutake pagaweyane swargi bapakku. Pancen, lulus SMA, aku lan ibu melu swargi bapak pindhah ing liya kutha. Sak suwene kuwi, aku isih telponan karo Aji kira-kira setaun. Bubar kuwi, nalika aku isih repot ngurusi skripsiku lan dheweke uga repot karo pagaweyane, aku lan dheweke ora nate telponan. Apa

226 | Antologi Cerkak