Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/238

Kaca iki wis divalidasi

maneh, nyatane aku lan Aji wis padha ganti nomer. Pantes wae yen ora bisa ijol kabar.

Isih kelet ing pangelingku nalika aku lan Aji mulih saka lapangan sisih wetan desa. Ing mangsa ketiga sing panase ora umum.Aku lan dheweke melu sedekah desa yaiku sukuran utawa bancaan sing disengkuyung wong sak desa. Bancaan kuwi mau wujud rasa sukur marang Gusti sing wis paring panen pari sing apik lan nyenyuwun muga-muga mangsa ketiga sing bakale teka ora nggawa bebaya,nangingagawe santosa.

Aku lan Aji ngadhep tampah sing isine maneka werna panganan. Ana sega, sambel goreng kenthang, ingkung, tebu, jadah, lan maneka werna liyane. Aku bungah tenan nalika semana, wong pancen lagi pisan kuwi anggonku melu bancaan kaya ngono amarga kaluwargaku dhewe ora nggunakake bangsa bancaan lan sak piturute.

Saka kebone Mbah Sam sak wise dolanan, aku banjur bablas menyang lapangan karo Aji. Ajang godhong jati sing wis cumepak ing kono, aku lan Aji kayadene kacang lali kulite. Wis ora eling menawa tekaku kono mau tanpa pamit karo ibu. Mula, nalika aku isih anteng-antenge maem sambel goreng sing dak campur karo cuilan bandeng, dumadakan iIbu teka kanthi pasuryan sing ora nyenengake.

“Kok ora pamit Ibu ndhisik, ta, Son? Ibu nganti bingung sing nggoleki,” ngono ngendikane ibu. Aji sing maune nyesepi tebu ireng, banjur mandheg. Aku ngerti, menawa dheweke wedi.

“Kowe barang kuwi lho, Ji, ngajak-ajak kok ora matur dhisik?”

Kanthi ndhingkluk, Aji matur apa anane, “Ngapunten, Budhe. Kula kinten panjenengan mangertosi wonten acara niki,”

“Ayo, gek ndang mantuk!” pengajake Ibu sinambi nggeret tanganku sing isih nyekel tebu sak ros. Tebu kuwi mau njiglok lan ngglinding ing ngarepe Aji.

Nalika Rembulan Bunder | 227