Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/239

Kaca iki wis divalidasi

Aku sing wis dituntun kanthi jangkah setengah mlayu, ora bisa nyandhak tebu sing wis kasep ngglindhing mau. Aji banjur mburu aku lan ibu, arep ngelungake tebu kuwi mau. Dheweke ngerti, menawa lagi pisan kuwi aku ajar nyesepi tebu saka pangajarane. Ananging, jangkahku lan ibu sansaya kebat. Tebune ora isa dak tampani. Saka kadohan, aku bisa weruh rasa gela ing pasuryane Aji.

***

“Kepiye kabar ibumu? Lak ya wilujeng, ta?” pitakone Aji. Iki sing dak remeni saka dheweke. Ora luput anggone takon kabare ibu, sanajan wiwit ndhisik, sajake ibuku ora sreg karo dheweke. Aku dhewe ora ngerti sebabe. Mungkin wae, amarga dheweke seneng ngajak aku dolan turut kebon.

“Alhamdulillah, Ji, sehat.”

“Aku pindhah ning kene, saiki, Son,”

“Iya?”

“Iya, saka kantorku, aku kudu ngurus proyek ning kene. Mbiyen seminggu pisan aku rene, ananging dak gagas tinimbang bola-bali, aku pindhah kene sisan.”

“Kebeneran, awake dhewe dadi cedhak maneh. Bisa ketemu sewayah-wayah.” “Son, kira-kira kowe lagi akeh gaweyan ora?”

“Gaweyan kepiye karepmu?”

“Ngene, Son,” Aji meneng sedhela, “Aku arep njaluk tulung kowe...,”

Aji crita menawa deweke lan bojone lagi ana masalah. Pancen, nalika rabi, aku ora bisa teka amarga gaweyanku sing ora kena ditinggal. Mula kuwi, teka seprene, aku durung ngerti sapa bojo lan kepiye kaluwargane. “Aku kepingin pisah wae, Son,”

Mak tratap! Ora nyana yen dheweke nduwe kepinginan kaya ngono.

Aku dhewe dadi penasaran apa panyebabe. Yen disawang-sawang, Aji kuwi pawongan lanang sing ora neka-neka. Sak

228 | Antologi Cerkak