Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/24

Kaca iki wis divalidasi

"Sepisan ya silaturahmi karo nggombal, ping pindhone ana wigati sing aku arep nyuwun pirsa, muga-muga Bu Titi kasdu ing penggalih."

"Injih, Pak. Mangga dipunngendikakaken kemawon?" ujare Nastiti.

"Bab ali-ali mata biru sing Njenengan agem."

Nastiti kaget bareng Prasojo takon bab ali-ali mata biru. Sajak ora rena ing ati. Apa kudu crita bab ali-ali mata biru peparinge bapake. Sabab, yen kelingan dhawuh wantere bapake. Nastiti dadi bingung uga. Nanging, gandheng Prasojo sing takon, kepriye maneh wong Prasojo kancane nyambut gawe lan mbok menawa Prasojo uga bisa ngudhari ruweting ati magepokan karo ali-ali mata biru.

"Pak Pras. Estune manah kula ugi judheg bab ali-ali mata biru niki. Dhawuhe bapak. Kula badhe jinatu krama dening priya ingkang ugi ndarbeni ali-ali mata biru ingkang sami kaliyan ali-ali niki. Kamangka, ngantos wekdal punika kula dereng manggihaken priya ingkang ngagem ali-ali mata biru. Kula niki tiyang wadon ingkang mboten beja. Saben priya ingkang caket kaliyan kula mboten dipunkeparengaken bapak, kejawi priya ingkang kagungan ali-ali kados punika. Menapa kula kedah dados prawan tuwa mboten saget binagya amargi koncatan tresna. Meh saben wanita punika nggadhahi panggantha amrih saget mulya linambaran tresna. Emanipun dumugi sapunika sinten priya punika kula dereng pana." ujare nastiti kebak panggresula. Kembeng-kembeng mripate merga ginubel panalangsa.

Prasojo mesem ing batin, krungu sambate Nastiti. Kanggo nguwatake atine tangane Nastiti dielus nuli digegem. Nastiti ora suwala, kepara malah seneng.

"Sing sabar ya, Bu. Nampa pacobaniiki. Apa Bu Titi ora maturkeng rama yen nggoleki priya sing kagungan ali-ali mata biru iki ora gampang. Yen ora ketemu njur kepriye nasibe Bu Titi."

Nalika Rembulan Bunder | 13