Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/240

Kaca iki wis divalidasi

ngertiku, dheweke kuwi gemati, apa maneh karo sing jenenge kulawarga. Wiwit cilik ndhisik, kulawarga Aji kuwi pancen raket. Karo sedulur ngendi wae, ndeweke kulina.

“Mbok dicoba dhisik. Ora ujug-ujug kaya ngono,” wang­sulanku.

Sanajan Aji kanca kenthelku wiwit cilik, ananging aku kudu ngerti apa sing sak benere. Kedadeyan apa sing marakake dheweke kepingin njupuk kaputusan kaya ngono.

“Wis dak pikir kanthi mateng, Son, nyatane dheweke ora kena dijak urip bebarengan maneh.”

Untung wae, Aji lan bojone durung diparingi anak. Sanajan wis bebarengan rong taun, pranyata durung diprecaya dadi wong tuwa. Yen pancen dheweke bener-bener kepingin pisahan kanthi kahanan kaya ngono, muga wae mengko prosese luwih gampang.

Sak wise takonan kabar lan ngomong perlune mau, Aji nutup telpone. Dheweke dak kongkon nyepakake layang apa wae sing dibutuhake kanggo proses mengkone sanajan atiku dhewe isih penasaran. Ya wis, mengko bakal dak takoni kanthi alon-alon supaya ora nyinggung lan gawe lara atine. Kapakkapakna, oleh kabar kaya ngono kuwi marakake wengi sansaya dawa. Mripat sansaya ora bisa diremake.

***

Let rong minggu, berkas sing dak jaluk, wis dikirim ing omahku. Dak tampani saka Pak Pos sak wise tengah awan. Aku pancen lagi ning omah, amarga bali gasik. Aku dikongkon ibu supaya ngajak Wulan milih ali-ali kanggo lamaran. Karepku mau, aku kepingin lunga dhewe, ben cepet lan aku bisa ndang bali menyang kantor ngurusi pagaweyanku.

Berkas dak selehake ing meja, tanpa dak bukak. Durung nganti salin, Wulan malah wis teka. Dikancani ibu, dheweke lungguh ing kursi ngarep. Aku krungu swarane ibu lagi ngomongake babagan ali-ali sing modhel anyar lan investasi

Nalika Rembulan Bunder | 229