Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/241

Kaca iki wis divalidasi

emas batangan sing lagi kawentar ing kalangan nom-nomankaya aku. Pancen, wong wadon kuwi yen lagi ngumpul sing diomongake ya babagan apa-apa sing lagi viral, saka artis, sandhangan, tontonan sinetron, lan sak piturute. Kaya ora ana crita liyane sing luwih apik. Lan kayadene tumbu oleh tutupe, ibu lan Wulan pancen gathuk.

Sak wise pamit ibu, aku lan Wulan tumuju toko emas sing cedhak saka omah. Aku bisa weruh pasuryane Wulan sing getun amarga ora sida lunga adoh. Pikiranku saiki mung kebak karo Aji. Karo masalah sing lagi ditampa.

“Jan-jane ana apa, ta, Mas? Kok wiwit mau Sampeyan meneng wae?”

“Ora apa-apa, mung bab gaweyan.”

“Urusan gaweyan ora usah digawa mulih, Mas, mundhak mumet.”

“Iya, karepe. Nanging gaweyane pancen beda karo padatane,”

“Beda kepiye, Mas?”

“Wis lah, mengko wae dak critani. Saiki wis teka, ayo gek ndang mudhun!”

“Iya.”

Ora suwe anggonku milih emas-emasan. Wulan milih ali-ali sing tengahe ana kretip-kretipe cacah telu. Nalika dijajal, pancen peni karo drijine sing mucuk eri. Kanggo aku, dheweke milih sing polosan. Aku manut wae amarga aku dhewe ora pinter babagan milih emas kaya ngono kuwi. Sing penting dheweke lan Ibu seneng.

Sak wise marem sing milih, aku banjur mulih. Ora lali tuku es dhawet karemenane ibu. Teka omah, aku lelungguhan ing latar mburi, ing ngisor wit pelem sing godhonge ngrembuyung dikancani Wulan lan ibu. Yen dak sawang, Wulan lan ibu pancen cocog tenan, mula ora gumun yen padha gathuk omongan babagan emas-emasan, wong pancen Wulan lan ibu

230 | Antologi Cerkak