Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/243

Kaca iki wis divalidasi
Srengenge Jingga
Ing Sawalike Mendhung Wulung
Sri Wintala Achmad

Lelagon campursari Malem Pungkasan lamat-lamat keprungu saka warung kopi sacedhake Simpang Lima. Lagu kuwi ngelingke Wintaka rikala pepisahan karo Sriyatun sawuse metu saka pagaweane dadi buruh pabrik garmen. Amarga bakal dirabekke karo jejaka pilihan wong tuwane, wong wadon kuwi ninggalke Semarang. Bali menyang Yoja.

Menawa kelingan Sriyatun, atine Wintaka rinasa karujit-rujit. Amarga wong wadon kuwi tau prasetya bakal nresnani Wintaka nganti tekeng delahan. Nanging, sumpah iku mung mandheg ing pucuk lambe, Wong wadon iku luwih ngeboti bapakne kang adreng njodhokke karo jejaka liya.

Senajan pepisahan karo Sriyatun wis sewulan punjul sewelas dina, Wintaka isih rumangsa kelangan. Saben dina dheweke mung lungguhan ing gethek buri omah, Nyawang potret tilas pacangane kang isih kesimpen sajroning gallery android. Njingglengi video kang ngelingke dheweke ngrangkul pundhake tilas pacangane kuwi rikala plesir ing Borobudur.

Tumrape Wintaka, eseme Sriyatun pancen pindha mawar kang mekrok. Nanging sawuse ngrumangsani menawa wong wadon kuwi dudu jodhone, dheweke pasrah. Lila nglalekke kanthi mbusak potret lan video kang kesimpen sajroning gallery android.

Rikala isih lungguhan ing gethek, Wintaka diceluk ibune saka pinggir sumur sapojoke mburi omah.

232 Antologi Cerkak