Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/244

Kaca iki wis divalidasi

“Bapakmu pengin rembugan karo kowe, Le. Temonana bapakmu kang lagi rembugan wigati karo Pak Wijana. Kanca sinarawadine kang lagi nembe teka saka Yoja.”

Senajan aras-arasan arep menyat saka gethek, Wintaka nuruti panjaluke ibune saperlu nemoni bapakne kang wus nunggu ing pendhapa. Sawuse lumebu pendhapa, Wintaka lungguh ing kursi resban satengene bapakne, sakiwane Pak Wijana.

Mangerteni menawa Wintaka salah sawijine jejaka bagus kang gagah pideksa, Pak Wijana tansaya mantep anggone bakal njodhokke dheweke karo anake wadon. Apa maneh rikala dhewekekrungu kesaguhane Wintaka dadi calon anak mantune.

Sawuse Pak Wijana mulih menyang Yoja, Wintaka bali lungguhan ing gethek. Dheweke rumangsa getun keduwung rikala saguh dijodhokke dening Pak Wijana karo anake wadon. Nanging rasa getune kuwi kakikis sawuse mapanke pepenginan pribadi sangisore pepenginan wong tuwane.

***

Tanggal kang ditengeri nganggo spidol abang dening Wintaka wus tumeka. Kairing rombongan lamaran saka Semarang, dheweke budhal menyang Yoja. Sajroning sedan ireng mulus, dheweke tansah pitakon sajroning batin. “Kaya ngapa praupane anake wadon Pak Wijana? Ayu apa ora? Katuranggan lan kapribadene piye? Yuswane pira? Jenenge sapa?”

Rikala rombongan lamaran iku ngancik tlatah Magelang, Wintaka gragapan sawuse Kyai Resa Sentana kang kapercaya dening bapakne dadi cucuk laku iku takon, “Daksawang katone kowe lagi mikir abot, Win. Sejatine apa kang lagi mbokpikir?”

“Ehm... Boten wonten ingkang kula galih, Kyai.”

“Mbokaja seneng ngapusi wong tuwa!”

“Saestu. Kula boten dora!”

“Ya wis!” Sinambi ngeluk boyok, Kyai Resa Sentana mernahke lungguhe ing jok ngarep sedan iku. “Muga-muga kowe ora kuciwa karo calon bojomu mengko, Win!”

Nalika Rembulan Bunder 233