Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/246

Kaca iki wis divalidasi

menawa bakal wurung ngrabeni Sriyatun, Amarga wus digoleki ing sadhengah papan, calon bojone iku ora kasil ditemokke.

Kanthi jangkah-jangkah kang semplah, Wintaka mulih menyang Semarang. Sawuse tekan ngomah, dheweke nemoni bapakne kang lagi lungguhan ing pendhapa.

“Katiwasan, Pak. Dhaup kula kaliyan Sriyatun saged dipuntemtokaken wurung.”

Krungu kandhane Wintaka, bapakne mesem.

“Kadosipun Bapak bingah menawi kula wurung dhaup kaliyan Sriyatun?”

“Mangertiya, Le! Tumekaning jodho kuwi ora bisa digege kapan wektu lan menyang ngendi papane. Jodho uga ora bisa digoleki. Menawa jodho kuwi wus tumeka, kowe ora bisa nampik. Anane mung nrima kanugrahaning Gusti iku kanthi rasa bungah.”

“Lajeng menapa sambetipun ingkang dipunngendi kakaken Bapak kaliyan lelampahan ingkang saweg kula sandhang?”

“Ora perlu takon, Le! Saiki mlebua pawon! Kowe bakal antuk wangsulan marang apa kang dakkandhakke mau.”

Wintaka jumangkah tumuju pawon. Mangerteni menawa wong wadon kang lagi mangsak iku dudu ibune nanging Sriyatun, praupane sanalika lir srengenge jingga kang uwal saka regeman mendhung wulung. Luh kumembeng ing sakloron mripate. Luh kabagyan kang tan bisa kagambarke kanthi reroncen tembung paling endah sajroning cakepan lelagon campursari.


Sanggar Gunung Gamping, 20 Juni 2020

Nalika Rembulan Bunder 235